Umat Pinilih Pancaran Air Hidup 3 Mei 2024

3 May 2024

Waosan: Yesaya 42 : 5 – 9  |  Pujian: KPJ.  427 : 1, 2
Nats: “Ingsung iki Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan …” (Ayat 6)

Sawetawis wekdal utawi taun kepengker, kathah sekolah ingkang kapiji dados “Sekolah Penggerak.” Sekolah Penggerak punika program saking Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) dhateng sawetawis sekolah ingkang sampun dipun wawas lan kapiji saged dados tuladha kangge sekolah sanesipun, bab kados pundi mujudaken visi Pendidikan Indonesia Maju ingkang kagungan Sumber Daya Manusia (SDM) unggul, sae punika para murid mekaten ugi para guru. Sekolah Penggerak punika ugi kedah saged nyambut damel sinarengan kaliyan sedaya unsur masyarakat, sae punika tiyang sepuh, pamrintah, tokoh masyarakat, organisasi masyarakat kangge mujudaken pendidikan ingkang sae dhateng para siswa. Sinten kemawon menawi sampun dipun piji, sae punika pribadi utawi kelompok, sedaya kagungan tanggel jawab kangge mujudaken punapa ingkang dipun kersakaken dening pamrintah.

Bangsa Israel punika umat ingkang dipun piji Gusti Allah kangge nindakaken punapa ingkang dipun kersakaken Panjenenganipun, inggih punika wartosaken kawilujengan tumrap sedaya bangsa (Ay. 6), awit kawilujengan punika mboten namung kangge bangsa Israel kemawon. Malahan Gusti Allah ngersakaken supados pawartos kawilujengan punika saged dipun raosaken para tiyang ingkang kaanggep asor lan dipun sepelekaken dening masyarakat (Ay. 7), awit tiyang-tiyang punika dipun tresnani Gusti. Gusti Allah piyambak ingkang badhe makarya dhateng para umat kagunganipun. Mila sedaya peladosan ingkang dipun tindakaken para umat kedah maringi papan ingkang utama kagem kamulyanipun Gusti Allah, sanes kangge kamulyanipun dhiri pribadi utawi manungsa (Ay. 8).

Kita para tiyang pitados prelu saos sokur awit katresnanipun Gusti Allah ingkang sampun miji kita dados umat kagungan-Ipun. Kita ugi kedah setya nindakaken ayahan kita martosaken kabar kabingahan dhateng sedaya tiyang. Salah satunggalipun ingkang sampun dipun lampahi GKJW, inggih punika wonten ing dunia pendidikan lumantar YBPK. Kawontenanipun YBPK punika sampun dangu dipun raosaken masyarakat umum. Sinaosa saben mangsa kagungan tantanganipun piyambak, nanging YBPK samangke lan kita sedaya warganing GKJW saged ta tetep setya nindakaken tanggel jawab kita minangka rencang damelipun Gusti Allah kangge mujudaken gesang ingkang kebak katentreman lan karaharjan. Sumangga kita lampahi timbalan punika kanthi seken kagem kamulyanipun Gusti Allah. Amin. [M@ul].

“Gesang kedah migunani tumrap liyan, langkung ageng langkung sae.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak