Sampun Karancang dening Gusti Pancaran Air Hidup 3 Mei 2023

3 May 2023

Waosan: Yeremia 23 : 1 – 8 ǀ Pamuji:  KPJ. 390
Nats:Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil.” (Ayat 5)

“Saya masih cinta. Jadi saya memutuskan untuk memulai lagi.” Punika ukara saking Steve Jobs ingkang kawentar ngripta gadget Apple. (Steve Jobs’ Life by design, George Beahm, Gramedia, 2014, kaca 99). Ukara punika tuwuh wekdal Steve Jobs badhe miwiti malih pakaryan ing babagan teknologi komputer. Piyambakipun miwiti ing perusahaan sanesipun kanthi nami Next lan Pixar. Jobs sampun kagungan rancangan kathah ingkang badhe dipun lampahi. Piyambakipun nggadhahi rancangan kangge nuwuhaken ewah-ewahan lan kemajengan ing donya. Lan sasampunipun wangsul nunggil kaliyan Apple malih, Jobs nyerat “Apple, pada intinya, sebagai nilai utamanya, percaya bahwa orang yang memiliki passion bisa mengubah dunia menjadi lebh baik.” Lumantar pakaryanipun, nyata bilih Steve Jobs kagungan rancangan enggal ingkang badhe dipun lampahi. Langkung malih wekdal kita ngraosaken kawontenanipun Gusti Allah.

Gusti Allah tansah ngrancang sadaya prakawis sae kangge para titahipun, kados waosan dinten punika. Amargi pirsa bilih wonten raja (kasebat pangon) ingkang awon, lajeng nedya ngreksa malih kasaenanipun titah. Rancangan saking Gusti Allah punika kapilah dados kalih perangan, sepisan ngempalaken ingkang taksih wonten (Ay. 3). Kaping kalih, ngrancang supados wonten paraga ingkang saged tinanggenah nglampahi karsa-Nipun. Paraga minangka sesulih ingkang langkung sanget saenipun (Ay. 4). Pangarsa ingkang wicaksana, adil, lan bener (Ay. 5). Lan punika mawujud kanthi sakestu. Bangsa Israel saged luwar. Gusti Allah tansah migatosaken sadaya ingkang dados pakaryanipun. Langkung malih wekdal manggihaken karisakan.

Sapunika kita taksih ing swasana Paskah, ingkang ngemutaken kita dhateng pambudaya lan pakaryanipun Gusti Yesus ingkang nedya nuwuhaken kasaenan gesangipun manungsa, ingkang risak dipun dadosaken sae malih. Manawi karaosaken, sadaya ingkang dipun lampahi dening Gusti Yesus sejatosipun karancang wekdal manungsa dhumawah ing dosa. Sadaya karancang lan katindakaken. Kangge kita, minangka manungsa limrah tamtunipun nggadhah rancangan sae ingkang nedya badhe kalampahan. Minangka manungsa ingkang sampun nampi pangluwaran, kita ugi nggadhah tanggel jawab ngrancang kasaenan dhateng sesami lan nindakaken kasaenan punika salebeting gesang kita kanthi leres lan saestu. Mangga kita tindakaken kasaenan kita. Amin. [WdK].

“Idealisme adalah kemewahan terakhir yang hanya dimiliki oleh pemuda” (Tan Malaka)

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak