Tega Larane Ora Tega Patine Pancaran Air Hidup 3 Maret 2021

3 March 2021

Waosan : Yeremia 30 : 12 – 22 | Pamuji : KPJ. 114 : 1, 2
Nats:
“Amarga Ingsun bakal maluyakake sira, Ingsun bakal ngusadani memalanira, …” (ay 17)

Sampun wongsal-wangsul tiyang sepuh anggenipun duka dhateng yoganipun punika nanging tetep kemawon boten dipun gatosaken. Pramila ing satunggaling dinten tiyang sepuhipun lajeng muntab, kecalan kasabaran, anak punika sumedya dipun umbar lan boten dipun paelu malih prasasat dipun tegakaken dening tiyang sepuhipun. Nanging sareng anak punika ngalami pakewed ingkang ageng lan gesangipun terpuruk pranyata tiyang sepuh kalawau inggih boten tega mentala. Lilih ing galih, kalindhih dening agenging sih katresnanipun minangka bapa dhateng yoganipun. Lah punika ingkang dipun wastani tega larane ora tega patine. Sanadyan ketingalipun tega mentala nanging sareng ningali kawontenan ingkang mrihatosaken sanget lajeng tuwuh sih piwelas lan katresnanipun.

Bangsa Israel minangka umat ingkang piniji, pijer mbalela wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Sampun wongsal-wangsul Gusti Allah paring pepenget supados mbangun turut ing karsanipun nanging tansah boten dipun pidhangetaken. Wusana Gusti Allah negakaken bangsa punika kabucal dhateng nagari manca, ing Babil. Wonten ing pangrehipun bangsa sanes, Israel ngalami gesang ingkang rekaos sanget kados ingkang kaserat ing ayat 12-15. Pranyata boten salaminipun Gusti Allah duka. Panjenenganipun nandukaken sih piwelas lan sumedya ngluwari para kagunganipun. Kadosdene katresnanipun bapa dhateng putra, lah makaten agunging katresnanipun Gusti Allah dhateng umatipun.

Pigesangan kita saben dinten minangka para kagunganipun Gusti sajakipun ugi boten benten tebih kaliyan kawontenanipun bangsa Israel ing jaman kala samanten. Gusti ngersakaken supados kita tansah mbangun miturut ing sakarsanipun nanging kita asring tumindak miturut pikajeng kita piyambak. Boten kirang-kirang anggenipun Gusti paring pitedah, panuntun miwah pitulungan wonten ing gesang kita. Punapa malih lumantar sangsara sedanipun Gusti Yesus ing kajeng salib kacihna bilih katresnanipun saestu agung nglangkungi samudayanipun. Lajeng kadospundi imbal balik kita, punapa kita ugi tansah kepingin ngaturaken katresnan dhateng Gusti? Ngaturaken katrenan dhateng Gusti boten cekap namung ing batos lan tembung nanging kedah lumantar pandamel nyata. (esje)

“Katresnan iku nutupi samubarang.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak