Nyekseni Kamulyaning Gusti Renungan Harian 3 Maret 2019

3 March 2019

Waosan : Lukas 9 : 28 – 36, (37 – 43a) | Pamuji : KPK 22 : 1, 2
Nats : “Nalika samana Petrus sakancane padha keturon; bareng tangi padha ndeleng Gusti Yesus sajroning kamulyane, lan priyo loro kang padha jumeneng cedhak.” [ayat 35]

Pakaryan dan panguwaosing Gusti punika nyata ing satengah-tengahing gesang pasamuan. Contonipun, kula nate nyekseni wonten tiyang lumpuh ingkang saged mlampah malih krana pandonga. Pakaryan lan panguwaosipun Gusti Allah nyata ngedab-edabi.

Ing waosan kita, Gusti Yesus kersa ngajak Petrus, Yokanan dan Yakobus minggah dateng gunung saperlu kangge dedonga. Nalika Gusti Yesus dedonga , Petrus, Yokanan lan Yakobus sami tilem. Sak sampunipun tangi, para sakabat  sami nyekseni kamulyaning Gusti . Ing paningalipun para sakabat wonten tiyang kalih ing sisih Gusti Yesus, inggih punika Nabi Musa
lan Nabi Elia. Boten namung punika kemawon, saking swarga ugi kapireng swanten,”Iki PutraningSun kang Sun pilih, padha estokno dhawuhe.” Saking kedadosan punika para sakabat nyekseni piyambak kamulyaning Gusti Yesus.

Gusti Allah kersa nedahaken pakaryan lan kamulyanipun dateng kita kanthi cara ingkang benten-benten. Tujuanipun supados kita saged ngraosaken dan nyekseni pakaryan lan kamulyaning Gusti Allah salebeting gesang kita. Wonten ingkang dipun tulung nalika nandhang sakit, dipun paringi kasarasan lan kawilujengan. Wonten ingkang nandhang “pergumulan” ing satengahing brayat, ing babagan ekonomi lan padamelan. Gusti Allah kersa paring pepadhang, panuntun saha pangluwaran. Sedaya menika saged kita raosaken, karana Gusti nresnani kita. Ingkang dados pangatagipun Gusti dhateng kita, kita tansaha pracaya lan ngestokaken pangandikanipun, karana Gusti kersa nunggil salebeting lampah gesang kita. Lumantar pandonga kita nyuwun pangertosan lan kawicaksanan supados saged mangertos lan nindakaken dawuhipun Gusti. Kita dedonga supados lampah gesang kita namung wonten ing pangrimataning Gusti. Mangga kita sangsaya semangat martosaken bab pakaryan lan kamulyaning Gusti ing salebeting gesang. Sangsaya temen anggeni kita setya lan bekti dhateng Gusti Yesus.[AR]

“Kamulyaning Gusti nunggil dateng tiyang ingkang ngestokaken Pangandikanipun”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak