Waosan : Wilangan 11 : 24 – 30 | Pamuji : KPJ. 175 : 1, 4
Nats: “… Sokur manawa umate Sang Yehuwah kabeh padha dadi nabi, marga padha kaparingan Rohe Pangeran Yehuwah!” (Ay. 29)
Wonten salah satunggilipun pepujian saking KPK ingkang mekaten “….kula Paduka kiyatken temah tan nate semplah. Sampun ngantos kemuriten datan cuwa ing manah…”. Tembung kemuriten punika tegese gregeten lan cuwa punika tegese kuciwa. Pangraos gregeten lan kuciwa menika asring kita raosaken nalika nglampahi arupi-rupi tanggel jawab salebeting pigesangan kita, mekaten ugi Nabi Musa.
Nabi Musa ngraosaken gregeten lan kuciwa manahipun nalika ngadepi Bangsa Israel. Rikala semanten Bangsa Israel sampun luwar saking Mesir lan diberkahi Yehuwah kaliyan roti manna kangge tetedhan sedinten-dinten. Nanging, Bangsa Israel menika lajeng sambat, nggresula, lan mbalela amargi sampun boten purun nedho manna malih lan kepingin ngraosaken daging. Tumindakipun Bangsa Israel ingkang mekaten dados bibah ingkang awrat kangge Nabi Musa, supados piyambakipun mbetahaken rencang utawi mitra nalika mimpin Bangsa Israel. Wusananipun, Nabi Musa nimbali pitung dasa tiyang ingkang badhe kadhapuk dados pinituwa, lajeng dipunkempalaken ing sakiwa tengenipun tarub. Nanging, wonten kalih tiyang ingkang mboten tumut, inggih menika Eldad lan Medad. Sedaya tiyang ingkang sampun makempal kaparingan Roh, punika ugi Eldad lan Medad sanajan tiyang kalih menika ana ing papan ingkang benten. Kadadosan punika ngantosaken bilih kuwaosipun Yehuwah boten saged dipunwatesi menapa kemawon, napa malih namung bab panggenan. Kuwaosipun Yehuwah menika saged karaosaken dening sinten kemawon ingkang sampun dipunpiji.
Kita sedaya ugi piniji dening Gusti kangge lelados mring sesami lumantar sedayanipun kabisan ingkang kita gadhahi. Nalika kita nglampahi jejibahan peladosan punika kita asring taksih mangu-mangu amargi rumaos boten saged, gampil gregeten, gampil kuciwa. Kita rumaos winates lan dereng pantes. Nanging, sedayanipun pangraos punika boten saged kita dadosaken alasan kangge selak dateng tinimbalanipun Gusti amargi Gusti sampun numrahaken Roh ingkang paring kasagedan. Roh menika saged kita raosaken kuwaosipun menawi kita tansah pitados bilih Gusti menika sumbering kakiyatan lan kuwaosipun ingkang boten winates Kita punika sampun dipunpiji dening Gusti, mila sumangga kita nindakake sedaya tinimbalan paladosan kita kanthi tulus ing manah. (xie)
“Sedaya tumindak becik angsal kasampurnan saking Gusti”