Waosan : Pangentasan 40 : 17 – 38 | Pamuji : KPJ 437
Nats : “Awitdene meganing Sang Yehuwah iku ing wayah awan ana ing sadhuwure Tarub Suci, dene ing wayah bengi ana genine, katon marang wong Israel kabeh ana ing saben panggonan kang dilerebi.” [ayat 38]
Kados pundi raosipun manah panjenengan bilih nalika wangsul saking nyambut damel, lajeng nemahi meja makan sampun kacawisaken tetedhan dening anakanak kita, kamangka anak-anak kita taksih alit-alit? Lengkap, wonten tempe goreng, jangan lodheh, sambal terasi, lan sekul ingkang kemebul. Mbok bilih panjenengan badhe nggumun, “Kok isa?” Lajeng nalika panjenengan dhahar ingkang sampun kacawisaken, panjenengan nemahi bilih tempenipun radi gosong, lodhehipun kasinen, sambelipun radi kepedhesen. Panjenengen mbok bilih boten badhe nesu, nanging malah nggujeng sesarengan. Awit panjenengan ngregani usahanipun para putra putri panjenengan ingkang taksih alit punika. Sanadyan boten sampurna, punika sampun luar biasa.
Cariyos tarub suci mbok bilih kados mekaten. Israel, ingkang kapimpin Musa lan Harun, ngupados ingkang paling sae kangge mujudaken sembah bektinipun dhumateng Sang Yehuwah. Pepanthan alit ingkang kondur saking Mesir tumuju dhumateng tanah prajanjian punika asring nindakaken prekawis lepat. Nanging ing pungkasanipun, kanthi sedaya dayanipun ngupados supados Sang Yehuwah kaparingan panggenan ingkang pantes ing tarub suci. Sanadyan namung tarub, tarub punika wujud katresnan lan kasetyanipun Israel dhumateng Sang Yehuwah. Lan Sang Yehuwah boten namun ngetang lepatipun Israel kemawon, nanging malah-malah tansah nganthi pepanthan alit punika mawi mega lan dahananipun (geni).
Kita, kados Israel, taksih asring nindakaken prekawis-prekawis lepat ing ngarsanipun Gusti. Sembah bekti kita dhumateng Gusti mbok bilih namung prasaja kemawon. Pangabekti kita ing greja mbok bilih boten kados pangibadah-pangibadah ing papan sanes, ingkang liturginipun canggih, musikipun tanpa cacat, khotbahipun nengsemaken. Inggih, sanadyan mbok bilih kakirangan tansah kita raosaken ing gesang iman kita, nanging menawi kita nggayuh kasetyan ing lampah kita, Gusti Allah estu nunggil gesang kita. Sanadyan kita dereng sampurna, nanging kita tansah estu maringi artos dhumateng gesang kita dados pandherekipun Gusti. Kita pitados, bilih Gusti badhe tansah nganthi. Lan bilih Gusti sampun nganthi, punapa malih ingkang taksih kirang? [gid]
“Ing satitah kula nrimah, angger kinanthi Gusti”