Angkara Gung ing Angga Anggung Gumulung Pancaran Air Hidup 3 Juli 2023

Waosan: 1 Para Raja 21 : 1 – 16 | Pamuji : KPJ. 125
Nats: Atur wangsulane Nabot, “Kebon anggur punika warisan saking para leluhur kula, pramila demi Allah, boten badhe kula caosaken dhateng panjenengan!” (Ayat 3)

Wonten unen-unen, “Angkara Gung ing Angga Anggung Gumulung,” ingkang ngemu pangertosan bilih saben tiyang punika nggadhahi nepsu. Lan nepsu punika kapan kemawon saged dados ageng lan gumulung. Menawi nepsu ingkang gumulung punika boten saged dipun kendaleni, tamtu badhe ndadosaken prekawis ingkang awon tumrap gesangipun manungsa. Kedah dipun sadari bilih ing dhirinipun manungsa punika sampun wonten bibit angkara murka. Karana punika manungsa boten angsal sembrono nglampahi gesang, kedah enget bilih ingkang nampi akibat tumindakipun boten namung dhirinipun piyambak ananging ugi tiyang sanes.

Raja Akhab nggadhahi pepinginan kagungan kebon angguripun Nabot. Ananging Nabot boten badhe nyade kebun angguripun. Miturut Nabot kebon anggur punika warisan saking para leluhuripun. Ing angger-anggering Toret wonten laranganipun Gusti Allah bilih tiyang Yahudi boten kepareng nyade warisan saking para leluhuripun. (Kaimaman 25:23-28; Wil. 36:7). Angger-anger punika ingkang dipun ugemi Nabot. Prekawis punika ndadosaken Raja Akhab sedih lan duka. Amargi kabujuk Izebel, nepsunipun Raja Akhab sangsaya gumulung lan pungkasanipun ngreka daya kangge nyingkiraken Nabot sarta nguwasani kebon angguripun.

Tumindakipun Raja Akhab punika trep kaliyan tembung “Angkara Gung ing Angga Anggung Gumulung.” Piyambakipun boten saged ngendaleni nepsunipun lan bebayani liyan. Lumantar cariyos punika kita saged ngemu pangraos:

a. Kita kedah wicaksana anggenipun mirsani punapa ingkang dados pangangen-angen kita, sampun ngantos kita kedlurung tumindak ala anggenipun kita nggayuh punapa ingkang kita angen-angen.

b. Kita perlu mawas dhiri supados saged mirsani pundi nasehat ingkang sae lan pundi ingkang awon.

c. Warisan ing satengahing gesang bebrayatan punika mawarni-warni, boten namung bondo donya. Saged ugi warisan tradisi gesang padintenan ingkang kebak katresnan, tuladhaning pakaryan, wejangan utawi pitutur ingkang adi. Warisan punika sampun ngantos ical, kedah kita jagi kanthi setya.

Warisan gesang dados putra-putranipun Allah punika ugi warisan gesang ingkang wigati lan utami. Amin. [Sungsang].

“Aja gampang kepingin nduweni barange liyan.”

 

Bagikan Entri Ini: