Waosan : Matius 10 : 16 – 25 | Pamuji : KPJ 357 : 1, 3
Nats : “Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.” [ayat 16]
Kewan Ula saged dados mawarni-warni perlambang wonten ing kabudayan Yahudi, saged dados pralambang kadurakan, iblis, kasarasan, pepati. Bilih Gusti Yesus ngginakaken gambaran kewan ula wonten ing waosan punika kangge mratelakaken tingkat kapinteran ingkang ateges sugih reka utawi sugih akal (cerdhik), tegesipun kita sami kaajak dados pandherekipun ingkang kedah nggadahi kapinteran ingkang sugih reka ateges kreatif. Namung kemawon kapinteran punika kedah imbang kaliyan katulusan wonten manah lan batos kita kadosdene peksi dara ingkang asring-asring dados pralambang katresnan punika. Kapinteran bilih kasarengan katulusan badhe dados kawicaksanan.
Dhawuh Pangandikanipun Gusti: “mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara” nggadahi teges ingkang celak kaliyan pitutur becikipun tiyang Jawi inggih punika “Empan Papan”. Tembung “Empan Papan” punika kanggenipun tiyang Jawi nggadhahi pangertosan gegayutan kaliyan tumindhak wicaksana ingkang kedah dipun gadhahi dening sadaya tiyang: ing papan pundi kemawon, ing wekdal lan swasana punapa kemawon, kita kedah saged mbekta gesang kanthi wicaksana. Tembung Empan Papan kalawau saged ugi dipun udhari kanthi perangan-perangan ingkang kados mekaten:
- Bisa Milah, tegesipun tiyang ingkang gesang sesarengan ing bebrayan agung punika kedah saged milah, boten namung milah bab becik lan ala, ananging ugi bener lan peneripun.
- Bisa Milih, bilih kita punika sampun saged milah, sumangga enggal enggal milih ingkang prayogi lan sae, lan dipun tindhakaken.
- Bisa Molah-Malih, tegesipun tiyang punika kedah saged kanthi wicaksana empan papan, boten ateges nindhakaken gesang kanthi munafik ananging saged njagi gesangipun pribadi saking tumindhak ingkang saged nglairaken crah utawi bubrah alam bebrayan.
- Bisa Mulih, tegesipun milah, milih, molah-malih punika wau kedah saged dipun timbang ukur kaliyan karsanipun Gusti Allah. Ateges anggen kita milah, milih, molah-malih kalawau tetep nyondhongi (mulih, mbalik) kaliyan karsanipun Gusti. Manggo kita nglampahi gesang ingkang tansah empan papan lan saged wicaksana kadosdene kewan ula lan peksi dara, dados gegambaran kita. Amin. [pong]
“Bener durung tamtu pener, pener durung tamtu bener. Wicaksana njangkepi kapinteran”