Purun Mratobat lan Ndherek ing Pakaryaning Gusti Pancaran Air Hidup 3 Februari 2022

3 February 2022

Waosan: Lelakone Para Rasul 9: 19b 25 | Pamuji: KPJ. 52 : 1, 3
Nats:
Nalika iku dheweke iya martakake bab Gusti Yesus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratela yen Gusti Yesus iku Putraning Allah.” (Ayat 20).

Kita manungsa tamtunipun nate nindakaken kalepatan ing gesang kita, ananging mboten sedaya tiyang purun mratobat lan sinau saking prekawis ingkang sampun dipun alami punika. Dipun betahaken legawaning manah kangge ngakeni kalepatan kita wonten ing ngarsanipun Gusti. Wonten ing pigesangan kita saben dinten kaliyan sesami, kita asring manggihaken prekawis kados mekaten. Menawi kita purun ngrosaken lan sadar tumrap kalepatan kita, kita ugi purun mratobat. Awit lumantar sedaya punika, kita saged dados tiyang ingkang langkung sae lan karenan wonten ngarsanipun Gusti.

Saulus sadar bilih punapa ingkang dipun lampahi ing wegdal sakderengipun punika, ndadosaken para pandherekipun Gusti ngalami kasangsaran. Saulus sadar lan purun mratobat. Senajan piyambakipun sampun mratobat, piyambakipun taksih dipun uji kaliyan tiyang Yahudi ingkang mboten pitados kaliyan punapa ingkang dipun wartosaken bab Gusti Yesus. Para tiyang Yahudi punika malah badhe mejahi Saulus awit dipun anggep tiyang ingkang klintu ing pitutur lan tumindakipun. Ananging sedaya punika mboten ndadosaken Saulus ajrih. Saulus tetep nglajengaken martosaken bab pakaryaning Gusti Yesus ing satengahing tiyang kathah. Sedaya punika saged dipun lamapahi Saulus, karana piyambakipun yakin bilih namung Gusti Yesus ingkang dados Juru Wilujenging jagad.

Saulus ingkang milih mratobat punika, sampun siap nanggel punapa ingkang badhe dipun alami ing gesang saklajengipun. Saking pengalamaning Saulus punika, ngegetaken kita ingkang asring tumindak lepat lan awon, mangga purun mratobat lan wangsul ing ngarsanipun Gusti. Tamtu kadangkala taksih wonten tiyang ingkang dereng pitados bilih kita sampun mratobat. Sampun rumaos ajrih lan kuwatos bab punika, Gusti Yesus wonten ing satengah-tengahing gesang kita, tansah paring kakiyatan dhateng kita. Gusti Yesus badhe paring pitulungan lan pangluwaran nalika kita nandang kasangsaran awit pamratobat kita. Gusti tansah mberkahi kita. Amin. [GRA].

 Mratobat iku perlu dipun tindaklanjuti kaliyan tumindak nyata supados dados berkah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak