Waosan : Hosea 6 : 1 – 6 | Pamuji : KPJ. 442
Nats: “Mulane payo padha tetepungan lan mbudidaya kanthi temen-temen supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah” (Ay. 3a).
Ing sawijining pasamuwan, wonten calon manten ingkang saweg katekisasi. Ing salebeting katasasi wonten wicantenan mekaten:
Katekit : “Sampun kenal pirang tahun, mas, mbak?”
Calon manten : “Sampun wetawis 4 tahun pak”
Katekit : “Wo, ya wes suwi ya. Berarti wes kenal tenan ya? Jajal sak iki sampeyan sebutna kekurangane sisihane sampeyan”
Calon manten : “Boten wonten pak! Sisihan kula niki sae, sedayanipun ngremenaken kula.”
Katekit : (garuk-garuk sirah)
Ketawisipun calon manten kalawau dereng estu tepang klayan sisihanipun, awit dereng saged mirsani kekiranganipun. Saking pengalaman punika kita saged sinau bilih prekawis tepang lan wanuh punika sanes prekawis ingkang gampil dipun wujudaken. Dangunipun sesrawungan, kados dene calon manten kalawau, boten dados jaminan kita saged wanuh dhateng ngasanes. Bilih pitepangan klayan tiyang sanes ingkang saged kita pirsani lan saged pirembagkan kemawon boten gampil, kados pundi klayan pitepangan kita kaliyan Gusti ingkang boten ketawis? Wangsulanipun inggih punika krana tresna. Katresnan ingkang ndadosaken pitepangan kita karaosaken endah sanadyan kala-kala boten kados pikajeng kita. Alelandhes katresnan, pasangan saged tansah sinau supados tepang lan wanuh dhateng sisihan, nampi kekirangan lan kasaenanipun.
Katresnan ingkang sami kedahipun dados kekiyatan lan landhesan kita anggenipun tut wingking Gusti. Sanadyan wonten titi wancinipun pranataning Gusti boten kados pikajeng kita. Nanging nalika katresnan ingkang dados landhesan, kita mesti boten gampil cuwa. Awit kita pitados, sedaya kala wau ndawahaken kasaenan tumrap gesang kita, awit Panjenenganipun nresnani kita. Swawi kita mbudidaya kanthi temen-temen supados wanuh dhateng Pangeran Yehuwah srana nyelak dhateng patunggilan, sanes krana kewajiban ananging krana ‘kerinduan’. Amin. (WE).
“Saprakara kang wus dak suwun marang Sang Yehuwah, yaiku kang dakpingini, muga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip,…” (Jabur 27:4a)