Waosan: Yokanan 12 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 160
Nats: “Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.” (Ayat 3).
Lisah Narwastu (ing basa Yunani kasebat nardos, Jawi kasebat nared) dipun ginakaken kangge parfum, obat, lan sarana pangabekti ing tlatah India ngantos Eropa. Lisah Narwastu ugi kaginakaken kangge obat herbal, kangge ngobati insomnia, stress, masalah pencernaan, sistem kekebalan tubuh ingkang lemah, lan infeksi. Ing waosan kita dinten punika, Yohanes 12:3, Narwastu punika kasebat pittikes, ingkang tegesipun “sejati/tulen”, jenisipun saking Nardostachys Jatamansi, tetuwuhan asli saking India sisih ler (pegunungan Himalaya) ingkang kaagem kangge njebadi rambut.
Lisah Narwastu ingkang tulen pancen kathah ajinipun. Lisah punika reginipun ugi awis. Miturut Yudas Iskariot reginipun lisah ingkang dipun agem Maryam kagem njebadi Gusti Yesus punika tigang atus dinar. Mila saking punika, punapa ingkang dipun lampahi dening Maryam punika minangka pangorbanan ingkang ageng. Maryam sadar bilih wekdal kangge mujudaken peladosanipun dhumateng Gusti Yesus badhe kapungkasan. Maryam ngginakaken wekdal ingkang wonten, kangge mujudaken peladosanipun.
Peladosanipun Maryam katujokaken dhumateng Gusti. Maryam sadar bilih punapa ingkang dipun lampahi punika, wonten ingkang mboten remen. Kados punapa ingkang dipun aturaken dening Yudas Iskariot. Yudas Iskariot gadahi pemanggih bilih lisah kalawau langkung sae menawi dipun sade, lan hasilipun kangge tiyang miskin. Nanging sejatosipun punika sanes niat ingkang murni. Yudas namung mentingaken diri pribadi. Tujuanipun Maryam namung setunggal, inggih punika ngladosi Gusti Yesus. Maryam mboten peduli kaliyan pemanggihipun Yudas Iskariot. Punapa kita ugi gadahi niat lan semangat ingkang sami kadosdene Maryam, ingkang saestu kersa ngladosi Gusti Yesus kanthi saestu, langkung-langkung purun atur pangorbanan ingkang ageng dhateng Gusti? Amin. [SWT].
“Gusti, kawula ngaturken badan saha nyawa kawula.”