Iman Boten Saged Tuntas Renungan Harian 3 Agustus 2019

3 August 2019

Waosan : Kohelet 1 : 1 – 11   I  Pamuji  :  KPJ. 289 : 1, 2
Nats
: “Sakehing kali iku padha mili menyang ing sagara, ewasamono sagara ora banjur dadi kebak, panggonan anjoge ilining kali iku tetep dadi dhoking iline kali.“ [ay.7]

Limrahipun wiwit alit manungsa sampun nampi bab pasinaon gesang. Lajeng sacara limrah ugi tamat SD, SMP, SMA malah langkung malih saged tumuju sarjana ngantos dumugi gelar doktoral utawi S3. Perangan pasinaon punika sesarengan kaliyan tuwuhipun manungsa nalika taksih alit, remaja, nem, ngantos diwasa. Sedaya wonten tataranipun piyambak-piyambak. Saha saking setunggal manungsa kaliyan sanesipun ugi nggadhahi lampahipun sacara pribadi. Ananging sinaosa sampun diwasa dalah sampun nggadhahi gelar pasinaon ingkang inggil, punapa manungsa kalawau sampun kaanggep sampun tuntas sedaya?

Waosan kita sakmangke maringi gegambaran bilih sedaya ingkang kalampahan ing alam donya, mekaten ugi lampahing pigesangan manungsa, inggih kados dene ilining toya kang tumuju ing segara. Sanadyan saben wekdal sansaya kathah toya ingkang lumebet nyatunggil ing seganten, nanging ngantos dumugi wekdal kapan kemawon boten saged tuntas. Gegambaran punika ugi ngengetaken bilih saben tiyang ingkang nggadhahi niat badhe dados manungsa ingkang pinunjul ing bab kapinteran utawi kadiwasan, boten wonten garis wekasan utawi tuntas. Saben dinten, saben wekdal, lan ing papan pundi kemawon, manungsa taksih prelu sinau. Malah ing bab kapitadosan, boten wonten satunggal manungsa ingkang kawastanan sampun tamat. Sinaosa saben dinten ngibadah dhateng pangabekti pundi kemawon, nampi pasinaon Alkitab, saben wekdal ndedonga, dados pengkhotbah, sampun ngantos nggadhahi pemanggih sampun cekap utawi tuntas. Punapa malih sampun ngantos rumaos langkung pinunjul ing bab kapitadosan, rumaos langkung jangkep ing iman kapitadosan. Awit boten wonten iman ingkang tuntas.

Ingkang sayekti lumampah ing proses saben wekdal kagem nyinau bab iman kapitadosan. Kanthi mekaten, manungsa saged mangun dhiri kalawan lembah ing budi. Tuwin saged ngraosaken kasatan lan ngorong berkah kaswargan, amrih Gusti nyembadani paring leganing dhiri sarana toya sejati. (dh)

“Kados dene segara ora bisa kebak, Iman ora bisa tuntas.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak