Waosan: Yeheskiel 18 : 5 – 18 | Pamuji: KPJ. 298 : 1, 3
Nats: “… lakune manut katetepaningSun lan tansah nglakoni pranataningSun kalawan setya – yaiku wong kang mursid lan mesthi bakal lestari urip. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” (Ayat 9)
Punapa ta pranataning Gusti punika? Ing kitab suci Prajanjian Lami kita mangertos angger-angger sedasa prekawis ingkang dipun sebat ukum Torah. Ing Prajanjian Enggal kita mangertos piwulangipun Gusti Yesus bab angger-angger katresnan. Sae angger-angger sedasa prekawis ugi angger-angger katresnan punika dados pranataning Gusti Allah kangge mranata gesanging manungsa. Karana punika rahayu kangge kita ingkang gesang miturut angger-angger utawi pranataning Gusti Allah punika.
Waosan kita dinten punika nedahaken piwulangipun nabi Yeheskiel dhateng bangsa Israel. Minangka wakiling Gusti Allah, nabi Yeheskiel nyebataken bilih dosa punika minangka tanggel jawab pribadi. Yeheskiel maringi contoh ngangge gegambaran tiga generasi: wonten satunggal bapa ingkang tumindak bener, satunggal anak ingkang tumindak dursila, lan satunggal putu ingkang tumindak bener (Ay. 5-9, 10-13, 14-18). Yeheskiel nedahaken bilih tumindak dosa punika dados tanggel jawab pribadi, mekaten bab pangapuntening dosa. Gusti Allah karsa ngapunten dhateng sintena kemawon ingkang purun ngakeni, nelangsani, lan mratobat dhumateng Panjenenganipun. Tiyang ingkang purun mratobat pinaringan gesang, kosok wangsulipun tiyang ingkang tumindak dosa badhe nampi paukuman pati. Sadaya punika dipun aturaken nabi Yeheskiel supados bangsa Israel manut dhateng katetepanipun Gusti lan tansah nindakaken pranatanipun Gusti kanthi setya.
Kados pundi kaliyan gesang kita sapunika? Punapa sampun manut dhateng katetepanipun Gusti? Punapa kita sampun nindakaken pranatanipun Gusti kanthi setya? Dinten punika kita taksih dipun paring wekdal kangge niti priksa gesang kita sacara pribadi. Bilih kita dereng setya dhumateng Gusti lan dereng saged nindakaken pranatanipun Gusti, sumangga kita mratobat, nelangsani kalepatan lan dosa kita. Kita nyuwun pangapunten dhumateng Gusti. Ing salajengipun kita tetekad mbangun gesang enggal, gesang ingkang tansah netepi pranataning Gusti. Sarana mekaten kita badhe dados tiyang ingkang mursid lan binerkahan gesang langgeng. Mugi kita saged dados pandherekipun Gusti ingkang setya netepi lan nindakaken pranataning Gusti salebeting gesang kita sadinten-dinten. Amin. [AR].
“Manut pranataning Gusti Allah punika margi tumuju kasaenan lan kaluhuraning gesang.”