Daya Linuwih Renungan Harian 29 Oktober 2019

29 October 2019

Waosan : Dhaniel 5 : 1 – 12  |   Pujian :  KPJ. 289
Nats: ”…amarga wong iku kadunungan roh kang linuwih lan kawruh sarta akal budi, satemah bisa nerangake impen, narbuka bab-bab kang winadi sarta bisa ngudar reruwed… (ay. 12)

Jaman samangke kathah tiyang ingkang nepangaken lan ngakeni bilih dhirinipun dados tiyang ingkang anggadhahi kekiyatan utawi daya linuwih, saged nebak nasib ngangge rajah tangan, saged ningali nasibipun saking neptonipun, saged nyarasaken sedaya penyakit saking kekiyatan bathinipun lsp. Ananging sedaya muspra tanpa gina awit sumberipun sanes saking Gusti Allah, ananging saking panguwaos pepeteng.

Wonten ing kraton Babel wonten ontran-ontran awit sang prabu Belsyazar nampeni prastawa ingkang nggegirisi ngantos praupanipun pucet sanget awit ajrih. Prastawa punapa punika? Driji tanpa badan ingkang nyerat wonten ing tembok, nalika sang prabu sami suka parisuka minum anggur kaliyan para pengagenging praja. Sang prabu nimbali para punggawa kraton ingkang wasis lan wicaksana supados nerangaken wewadi kalawau, ananging mboten wonten setunggal kemawon ingkang saged narbuka tulisan punika. Saking usulipun sang prameswari, Dhaniel kaaturan sowan saperlu nerangaken wewadi punika, lan saged narbuka awit saking roh lan kawicaksanan ingkang pinangkanipun saking Allah, Dhaniel saged nerangaken kanthi trawaca.

Saking waosan punika kita pikantuk piwical ingkang endah :

  1. Gusti Allah paring daya kekiyatan dhumateng kita sedaya minangka tiyang pitados, supados daya kekiyatan kalawau dipun ginakaken kagem kaluhuranipun Allah lan lelados dhateng sesami. Kados dawuhipun Gusti ing nats kalawau paling mboten kita saget ngrencangi ngudari karuwetanipun tiyang sanes kanthi purun mirengaken pasambatipun, purun paring pambiyantu ing bot repot, lsp.
  2. Kita kedah ngatos-atos dhateng guru-guru palsu ingkang samangke saya kathah ing sakiwa tengen kita. Gusti Yesus dhawuh “ Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sejatine iku asu ajag kang galak.” (Matius 7:15).
  3. Sampun ngantos kita anyenyamah asmanipun Gusti awit sinten kemawon ingkang anyenyamah asmanipun Gusti badhe anampeni paukuman. Sumangga kita ngluhuraken asmanipun Gusti lumantar pitembungan lan patrap gesang kita, wontena ing pundi papan kita, gesang kita saged dados berkat. (Jian).

“Daya linuwih kagem kaluhuranipun Allah sanes kangge kaluhuranipun piyambak”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak