Waosan: 5:13-20 | Pamuji: KPJ.115
Nats: “samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, temah padha sumurup marang panggawemu kang becik...” (ayat 16)
Warga kelompok A ing pasamuwan X sarujuk menawi misungsung punika mboten angsal nyebataken nami. Krana menika, lajeng warga kelompok A sarujuk menawi bab ingkang becik kadosdene: tetulung, mbiyantu kasisahan sesami, misungsung lelangan nalika riyadin undhuh-undhuh, lsp ugi boten kedah nyebataken nami. Sanajan punika dipun raosaken sae dening warga kelompok A, ananging miturut survey tim Penelitian lan Pengembangan, kesadaran lan partisipasinipun warga kelompok A kalebet paling ngandhap dipunbandhingaken kaliyan kelompok B,C,D, lan E.
Gusti Yesus paring dhawuh “samono uga padhangmu sorotna marang wong, temah padha sumurup marang panggawemu kang becik..”(ay.16). Tegesipun, tiyang Kristen ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus punika kedah benten gesang-pigesanganipun. Benten amargi langkung jelas kabecikan, katresnan, kasetyan ingkang dipun tindakaken! Sedaya kalawau supados namung Gusti Allah ingkang wonten swarga kemawon ingkang tansah kaluhuraken asmanipun(ay.16).
Sedaya prekawis ing gesang-pigesangan punika sejatosipun wonten konteks-ipun. Pancen wonten tiyang ingkang paring pisungsung krana gadhah pamrih. Ingkang makaten tamtu boten sae. Ananging kathah ugi tiyang ingkang nindakaken pandamel becik. Piyambakipun paring pisungsung kanthi manah ingkang Ikhlas mboten nggadahi pamrih! Ingkang utama, sumangga kita nggadhahi pamanggih lan manah ingkang leres. Sedaya tumindak becik lan saos sukur kita tindakaken karana wekdal ingkang winates lan namung krana nindakaken Sabda Pangandikanipun Gusti Yesus kemawon. Boten usah mikir lintunipun. Amin (BK)
„Ingkang paling utami inggih menika nindakaken menapa kemawon kanthi ikhlasing manah.“