Bacaan: Yeremia 31 : 10 – 14 | Pujian: KPJ. 155
Nats: “He para bangsa, padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, iku undhangna ing tanah-tanah pesisir kang adoh, kandhakna: Panjenengane kang wus mbuyarake Israel karsa ngempalake maneh lan rumeksa kaya pangon marang pepanthaning wedhuse.” (Ayat 10).
“Jarene roda kuwi muter, kadang ning ngisor kadang ning nduwur. Lha iki uripe kok panggah wae ning ngisor ora tau ning nduwur blas, pancet wae ora tau penak. Paling rantene pedhot, urip kok susah wae,” pak Lik Sugeng nggedumel. “Sampeyan kuwi diwenehi ngeneh kurang, diwenehi ngono ya kurang. Ancene watake manungsa sing ora tau puas. Kabeh kuwi tekan atine dewe-dewe. Diwenehana akeh ya panggah kurang, nanging sanajan sethitik yen disukuri ya dadi bungah atine. Apa sing diparingi Gusti ditampa, disyukuri, aja sambatan wae,” wangsulane bu Lik Etik.
Mboten saged dipun selaki, anggenipun kita nglampahi gesang punika saged ngraosaken sayah, awrat, lan mboten nggadhahi pangajeng-ajeng. Lumantar Yeremia, Gusti Allah paring pengertosan bilih gesangipun umat punika gumatung saking sih piwelasipun Gusti Allah. “Umat-Ku Dakbuyaraké, nanging bakal Dakklumpukaké lan Dakengon.” Mboten namung kasangsaran lan paukuman ingkang saged dipun tampi bangsa Israel, anaging ugi panglipuran, kakiyatan, sarta kawilujengan. Panguwaosipun Gusti Allah dhateng bangsa Israel kedah dipun wartosaken supados kamulyanipun Gusti Allah kasuwur ing satengahing bangsa-bangsa.
Punapa kemawon kahanan ingkang kita alami, kados pundi kemawon pambengan ingkang kita lampahi, lan papan panggenan pundi kemawon ingkang kita panggeni, tata cara tradisi utawi budaya punapa kemawon ingkang kita tampi, sadayanipun mboten luwar saking panguwaosipun Gusti Allah. Ingkang wigati kados pundi respon kita anggenipun nampi sadaya peparingipun Gusti Allah punika. Awit gesang kita punika minangka paseksi kamulyanipun Allah kagem tiyang sanes. Kita kedahipun saged nggraita kanthi sae, kados pundi pakaryanipun Allah, supados gesang kita kebak saos sokur, kebak pepujan, kebak kabingahan, lan kebak kakiyatan. Sumangga kita nindakaken gesang kanthi kebak pamuji sokur. Kita pitados bilih Gusti Allah tansah makarya ing salebeting gesang kita sadinten-dinten. Amin. [Sungsang].
“Rila lamun ketaman, kelangan ora gegetun.”