Ngundhuh Wohing Pakarti Renungan Harian 29 November 2019

29 November 2019

Waosan : Ibrani 11 : 1 – 7    |   Pamuji  : KPJ. 334
Nats:
“Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane” (ay. 6)

Ngundhuh wohing pakarti menika salah satungal unen-unen ing basa jawi. Kirang langkung kados mekaten tegesipun: saben tiyang mesti nampi ganjaran utawi piwales saking punapa ingkang dipun tindakaken. Pramila cetha, bilih punapa kemawon ingkang kita tindakaken wonten ing pigesangan kita, bakal wonten ganjaran lan piwalesipun.

Kawontenan menika cundhuk kaliyan waosan kita ing serat Ibrani 11. Marga saka Iman Habil katuntun nyaosaken pisungsung ingkang adi. Marga saka Iman Henokh kapulung, satemah mboten ngalami pejah. Lan marga saka pracaya Nuh lan brayatipun kaslametaken saking banjir. Perkawis menika ngatingalaken bilih tiyang karsa nindakaken karsanipun Gusti kanthi temen, bakal nampi ganjaran saking Gusti Allah.

Nanging kasunyataning gesang, kita taksih asring mirsani tumindak-tumindak ingkang awon, tumindak ingkang jahat, lan tumindak ingkang jalari karisakan ing patunggilan ing negari menika. Sae menika karana ego, karana popularitas, kuwaos, lsp. Ananging mboten sekedik tiyang ingkang mangu-mangu nindakaken perkawis ingkang sae wonten ing pigesanganipun, amargi ajrih lan sumelang punapa ingkang dipun tindakaken, mboten wonten ganjaranipun.

Para sederek kekasihipun Gusti. Bilih kita niti priksa kawontenan pigesangan kita, asring kasunyataning gesang ndadosaken was sumelang, ajrih, lan kecalan pangajeng-ajeng. Pramila lumantar serat Ibrani kita kaemutaken, sampun ngantos kita nglampahi gesang adedasar realita, ananging kosok-wangsulipun dasaring gesang kita menika iman. Inggih punika pangajeng-ajeng babakan punapa kemawon, senaosa kita boten saget mirsani kados pundi wujudipun. Gesang alandesan pangajeng-ajeng nuwuhaken kekiyatan, nanging gesang alandesan kasunyatan (realita) asring ndadosaken tiyang menika ringkih lan nglokro. Pramila, sumangga kita sami ngupadi gesang ingkang dipun landesi iman utawi pangajeng-ajeng, satemah kita mboten was sumelang jumangkah nindakaken tugas tanggel jawab kita ing jagad menika. [mere]

“Aja sumelang bab uripmu, Gusi nganthi sira”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak