Waosan: Mateus 21 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 278
Nats: “Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran. Hosana wonten ing ngaluhur.” (Ayat 9)
Wonten satunggaling dinten, Lani siswa SD dipun paringi tugas ngalungaken sekar kagem Bapak Bupati ingkang badhe rawuh ing sekolahan. Sanadyan piyambakipun taksih alit, piyambakipun purun sinau cara anggenipun ngalungaken sekar kanthi teman, wiwit saking latihan mesem, nyapa, lan ngalungaken sekar kagem Bapak Bupati. Nalika dinten rawuhipun Bapak Bupati punika dugi, Lani kanthi yakin nindakaken tugasipun, ngalungaken sekar dhumateng Bapak Bupati. Lani tansah mesem sumunar amargi mangertos bilih piyambakipun nyambut tamu ingkang wigati.
Wacaan Injil dinten punika nyariosaken kedadosan nalika Gusti Yesus lumebet ing kutha Yerusalem. Tiyang kathah sami nyambut rawuhipun Gusti Yesus mlebet kutha Yerusalem kanthi sorak-sorai, nggelar rasukanipun ing margi, ngibas-ngibasaken godhong palma, lan sorak, “Hosana tumrap Putranipun Dawud!” Para tiyang punika nyambut Gusti Yesus minangka Sang Raja, sanadyan Panjenenganipun rawuh kanthi andhap asor, nunggang kuldi. Prastawa punika maringi piwulang dhateng kita sadaya: kadang manungsa remen nyambut Gusti, nanging mboten sadaya ngraosaken lan mangertos sinten sejatosipun Gusti Yesus punika. Mboten dangu sasampunipun nyambut rawuhing Gusti Yesus, swanten sorak, “Hosana” gumantos dados “Pasang ing kayu salib!” Punika dados pangenget supados kita mboten namung nyambut Gusti Yesus ing kahanan sae kemawon.
Wonten mangsa Pra Paskah punika, kita dipun ajak nyambut Gusti Yesus kanthi satuhu. Mboten namung lumantar tembung, nanging ugi lumantar gesang kita. Gesang ingkang kalampahan kanthi katulusan, andhap asor, purun paring pangapura, lan gesang miturut karsanipun Gusti, punika wujud ingkang nyata anggen kita nyambut Gusti. Kanthi mekaten, kita saged nyambut Gusti Yesus, mboten namung minangka tokoh agung, nanging minangka Juru Wilujeng ingkang nuntun gesang kita. Amin. [YNW].
“Nyambut Gusti punika boten cukup kanthi godhong palem, nanging kanthi gesang ingkang tulus lan sumadhya tumrap Panjenenganipun.”