Waosan: Yokanan 19 : 16 – 30 | Pamuji: KPJ. 257
Nats: “Sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!” Banjur ndhingklukake mastaka lan masrahake nyawane.” (Ayat 30)
Salah satunggaling syarat kangge mahasiswa supados saged rampung kuliah, inggih punika lulus ujian skripsi. Maneka werni daya upaya badhe dipun tindakaken dening mahasiswa punika supados piyambakipun enggal rampung skripsi ing wancinipun. Mila mahasiswa punika kedah seken maos buku-buku kangge bahan skripsinipun, ngawontenaken penelitian kangge pados data ingkang dipun betahaken, ugi kedah sering konsultasi kalian dosen pembimbingipun. Nalika piyambakipun rampung nulis skripsi, piyambakipun lajeng tumut ujian skripsi. Bilih piyambakipun saged mertahanaken skripsinipun lan mangsuli sedaya pitakenan saking para dosen penguji kanthi leres, piyambakipun badhe lulus lan nampi gelar sarjana. Mila piyambakipun rumaos bingah sanget, awit sedaya tugas skripsinipun sampun rampung lan nedahaken asil ingkang sae.
Waosan kita wekdal punika nyariosaken Gusti Yesus ingkang sinalib seda ing redi Golgota. Saksampunipun dipun adili kaliyan Pilatus, Gusti Yesus dipun pasrahaken dhateng para imam lan tiyang Yahudi kangge dipun salib. Gusti Yesus dipun salib ing antawisipun tiyang kalih, ing pundi Gusti Yesus wonten tengah (Ay. 18). Ing sainggiling salib wonten seratan, “Yesus Nasarani, Ratune wong Yahudi.” Selajengipun Gusti Yesus dipun aturi anggur kecut, awit Panjenenganipun ngelak. Saksampunipun Panjenenganipun necep anggur kecut punika lajeng ngendika, “Wus rampung!” lan masrahaken nyawanipun ing Astanipun Sang Rama. Tembung “wus rampung” punika nandhani bilih sedaya pakaryan ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus ing donya punika sampun rampung. Gusti Yesus sampun ngorbanaken Sariranipun kangge nebus sakathahing dosa manungsa.
Dinten punika kita sami mengeti dinten Jumat Agung, ing pundi kita ngenget-enget malih pakaryanipun Gusti Yesus ingkang seda sinalib kangge milujengaken gesang kita para umatipun. Lumantar dinten Jumat Agung punika, mangga kita tansah saos sokur tumrap sedaya pangorbananipun Gusti Yesus. Mekaten ugi kita tansah semangat dan tetekat kangge nindakaken gesang miturut karsanipun Gusti. Kita lajengaken pakaryanipun Gusti Yesus lumantar paseksi gesang kita. Sanadyan katah pambengan, pacoben, ugi kasangsaran ingkang kita adhepi, mangga kita sami mandheng Gusti Yesus ingkang sinalib seda. Karana kita badhe kaparingan kakiyatan, kasagedan lan kawicaksanan kangge ngrampungaken tugas kita dados saksinipun. Sugeng Jumat Agung, Gusti Yesus ingkang sinalib tansah nunggil kita. Amin. [AR].
“Sedanipun Gusti Yesus nuwuhaken kawilujengan kangge kita umat-Ipun.”