Abdi Dalem Pancaran Air Hidup 29 Maret 2021

29 March 2021

Waosan : Yesaya 42 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ. 124 : 1, 2
Nats:
“Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.” (Ay. 1)

Nate pirsa “Abdi Dalem”? Punika para abdinipun Ratuning Kraton ing Ngayogyakarta ingkang nggadahi jejibahan mbiyantu kabetahan kraton miturut bidangipun. Boten sembarang tiyang ingkang saged dados abdi dalem, awit kedah nglampahi proses seleksi ingkang ketat. Dados abdi dalem punika tujuanipun boten supados gadhahi drajat, pangkat lan pituwas ingkang kathah nanging supados saged manggih katentremaning gesang. Para abdi dalem punika ugi dipun gulawentah ing bab budaya Jawi lan tata krama ingkang saged mangun budinipun sansaya luhur. Punika sejatining abdi ingkang setya, tansah prasetya nindakaken pendamelanipun kanthi unggah-ungguh ingkang mantep senadyan ta namung ngawula.

Ing waosan kita punika, Yesaya mbabaraken pameca bab Abdinipun Pangeran Yehuwah. Abdi ingkang kaweca punika estu dados renaning Kang Ngutus. Abdi punika badhe kautus kagem medharaken kabeneran lan kawilujengan dhateng para bangsa kanthi setya lan tanggon. Perikop punika asring gegayutan kaliyan rawuhipun Sang Mesih ing pundi Injil Matius nedahaken bilih Abdi ingkang kapiji dening Gusti Allah inggih punika Gusti Yesus Kristus. Pancen leres bilih namung Gusti Yesus ingkang saged netepi pameca punika, kabukti saking wiwitan Rohipun Allah tumedhak lan nunggil ing gesangipun nuwuhaken kawicaksanan ingkang luhur.

Prasetyanipun Gusti Yesus nindakaken misi saking Sang Rama punika dados tuladha kangge kita sami. Sendyan kedah ngalami kasangsaran nanging Sang Abdi kanthi tumemen nglampahi margi kasangsaran punika. Pungkasanipun pakaryan Sang Abdi punika nuwuhaken kawilujengan lan katentreman tumrap para pitados. Kita minangka para abdi ingkang kaanggep para putraning Allah, sejatosipun kita sami kaajak ndherek ing pakaryanipun Gusti Allah kangge alam donya. Saking ngriki sampun ngantos kita nggadahi ambisi ingkang awon kangge kapentingan dhiri kita piyambak ing salebeting pakaryanipun Gusti Allah, sae drajat, pangkat lan pituwas. Sedaya punika bakal nampi ganjaran saking Gusti Allah, sae ingkang setya, sae ingkang owah. Awit punika, sumangga kita sami dados abdi ingkang tansah mujudaken katentreman, awit Rohing Allah tansah nunggil lan mangun budhi kita supados gesang kita tansah luhur-wicaksana. (mojo).

“Ngawula dhateng Gusti lan memayu ayuning urip, tanpa pamrih, tanpa ajrih, jejeg mantep, mawi pasrah. Sebab payung kula, Gusti kula, tameng kula, inggih Gusti kula.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak