Bacaan: Lukas 9 : 51 – 62 | Pujian: KPJ. 452 : 1
Nats: “Paring wangsulane Gusti Yesus: ‘Asu ajag padha duwe rong lan manuk padha duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kagem nyelehake mustakane.” (Ayat 58)
Wonten ing jagad pewayangan Jawi, wonten 5 tokoh wayang ingkang kondang ing lelampahan pagelaran wayang. 5 tokoh punika asmpanipun Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa. 5 tokoh punika asring dipun sebut Pandawa. Pandawa punika nggadhah mengsah naminipun Kurawa. Kurawa punika asring sanget nindhakaken piawon ingkang nyebabaken rusaking alam donya. Wonten lelampahan pagelaran wayang punika, dipun gambaraken Pandawa punika asring sanget perang nglawan Kurawa. Tujuanipun supados para Kurawa punika saged kawon lan angkara murka sirna saking alam donya. Nanging perjuanganipun Pandawa punika mboten gampil, lan ing pamungakasing lakon pewayangan punika, para Kurawa kalawau kawon kaliyan para Pandawa.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken piwulangipun Gusti Yesus ingkang paring pasinaon bab perjuangan ndherek Gusti Yesus. Gusti Yesus paring sabda supados para rasul makarya mujudaken Kratoning Allah wonten ing alam donya. Bab ndherek Gusti Yesus punika bab pakarya ingkang mulya sanget, nanging mboten gampil lampahipun. Gusti Yesus ngendika bilih tiyang ingkang ndherek Panjenenganipun punika badhe ngadhepi gesang ingkang kebak pepalang lan masalah. Ing ayat 58, Gusti Yesus ngengetaken bilih tiyang ingkang ndherek Panjenenganipun punika saged mlarat lan sisah. Nanging kasisahan punika namung ing alam donya mawon. Menawi tiyang punika tansah setya tuhu dhumateng Gusti Yesus lan sabar ngadepi maneka warni pepalanging gesang, Gusti Yesus paring janji endah bilih tiyang punika badhe wonten ing swarga.
Ndherek Gusti Yesus punika mboten gampil, badhe wonten pepalangan lan masalah, wiwit ingkang alit ngantos ingkang ageng. Nalika kita ngadhepi pepalang kados dene masalah ekonomi, paladosan, pandamelan lan sanenispun, asring dadosaken kita punika nglokro lan mboten semangat. Ing kawontenan punika kita kedah merjuang sampun ngantos nyerah kaliyan pepalang. Gusti Allah dados manungsa lan seda wonten ing kajeng salib nebus dosa kita. Tamtunipun Gusti Yesus ngersakaken kita nuladhani pakaryan-Ipun. Sumangga kita lampahi gesang kita kanthi semangat. Kita pitados Gusti Allah mboten badhe nilar kita lan karsa nulungi kita ngawonaken pepalang ing ngajeng kita. Amin. [GSC].
“Saben perjuangan nuwuhaken berkah. Sampun ngantos mandhek merjuang.”