Panganthi lan Pitulungan Wujuding Katresnanipun Allah Renungan Harian 29 Juli 2020

29 July 2020

Waosan : Purwaning Dumadi 46 : 2 – 47    |  Pamuji  : KP. 115
Nats:
“Ingsun piyambak kang nunggil lakunira menyang Mesir lan uga kang bakal ngirid lakunira bali maneh,…” (Ay. 4)

Tamtunipun sedaya kita nate kekesahan, sae punika tumuju ing papan wisata utawi saderma namung mlampah – mlampah ningali swasana enggal ing kutha lan daerah sanes. Wonten wekdalipun nalika kekesahan lampah kita lancar, nanging mesthi ugi wonten wekdalipun ing salebeting kekesahan lajeng kedah ngadhepi perkawis, tantangan lan pambengan. Lumantar punika lajeng lelampahan kita saged keganggu, ndadosaken rindhik, malah kepara kendel.

Lelampahaning gesangipun rama Yakub lan brayatipun ugi mekaten, Yakub sabrayat boten tansah manggihi swasana bingah ing gesang. Kathah sanget perkawis ingkang mrihatosaken ingkang dipun alami. Salah setunggalipun inggih karana iren kumeren, serik lan drengki antawis satunggal lan satunggal anggotaning brayat. Yusuf ingkang dados korbanipun, piyambakipun dipun bucal lan dipun cemplungaken dhateng sumur, lajeng kawartosaken pejah dhumateng rama Yakub. Tumindak punika jebul mboten ndadosaken kabingahan ananging malah ndadosaken swasaning brayat boten tentrem lan kebak kaliyan kaprihatosan. Katresananipun Allah dhumateng brayat punika sanyata ageng sanget. Gusti boten negakaken brayat punika dangu anggen ngalami kaprihatosan. Gusti ngrancang pitulungan lan ngrancang rukuning brayat lumantar Yusuf ingkang saderengipun dipun mengsahi.

Katresnanipun Gusti dhateng kita ugi ageng, boten benten kaliyan katresnan ingkang dipun paringaken Gusti dhateng brayatipun Yakub. Lumantar seserepan ing dinten punika kita dipun atag supados saged wicaksana anggen nanggel lan ngrampungi perkawis gesang kita. Ingkang paling penting, saben lampah ingkang kita pendhet inggih punika keputusan ingkang paling sae lindhesan katresnan lan linandhesan pitedhahipun Allah. Tujuanipun supados kita boten saya jeru dhawah ing kaprihatosan, ananging kita saged saya dipun mantepaken anggen nglajengaken lelampahan gesang. Dikados panganthi lan pitulungan ingkang dipun paringaken dhumateng brayatipun Yakub, inggih ugi mekaten panganthi lan pitulungan ingkang badhe dipun paringaken Gusti dhumateng kita. Karana saking punika sampun ngantos kita nilar Gusti ing sadangune kita nglampahi gesang. Amin (nDrung)

“Mbarengana Gusti ing sadhengah lakumu”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak