Pitobat Renungan Harian 29 Januari 2019

29 January 2019

Waosan : 2 korintus 7 : 2 – 12 | Pamuji : KPK 163
Nats : Sabab kasusahan kang nyondhongi karsané allah iku nuwuhaké pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawé getun [ayat 10a]

Pendeta Inoue Kaoru, rumiyin anggota salah satunggaling gangster Yakusa Jepang ingkang dipunajrihi tiyang kathah. Piyambakipun nindakaken perkawis ingkang ala, contonipun : mateni tiyang sanes, ngginakaken narkotika , lan bab-bab ala lintunipun. Nalika yuswanipun 30 tahun, Inoue Kaoru pepanggihan kaliyan wanita ingkang sameniko dados garwanipun. Kanthi kebak katulusan, kabejikan ugi katresnan, garwanipun nepangaken bab Gusti Allah dhateng Inoue Kaoru. Ketlatenan ugi katresnan saking garwanipun ingkang karaosaken dening Inoue Kaoru, dadosaken piyambakipun remen dedonga ugi nggegilut sabda pangandikanipun Gusti. Kasaenan menika boten namung karaosaken dening Inoue Kaoru, nanging ugi karaosaken dening kanca-kanca gangster. Pakempalan gangster-ipun bibar lan kathah mantan anggotanipun ingkang paring pambiyantu paladosan greja.

Surat rasul Paulus paring piwulang sae amargi pasamuwan ing Korinta saged mbedakaken bab kasisahan kang nyondhongi karsanipun Allah lan kasisahan donya. Surat Paulus ingkang sepisan, ngemutaken bab dosa ingkang ndadosaken pasamuwan Korinta nglampahi kasisahan ing manah. Kasisahan ingkang dipunraosakan dening pasamuwan ing Korinta krana sampun nguciwakaken Gusti Allah Sang Sumber Gesang Sejati. Sanadyanta makaten, pasamuwan Korinto mboten wonten ing kasisahan ingkang mawantu-wantu. Pasamuwan nggadhahi angen-angen kange mratobat supados gesangipun dados sae lan condhong kaliyan karsanipun Gusti.

Kita asring mirengaken sabda pangandikanipun Gusti, ananging kenging menapa mboten saged nindakaken kanthi sae? Karana kita taksih ngadhahi manah ingkang wangkot lan asring nggunggung diri. Sumangga kita sami sinau lan mawas diri supados sabdanipun Gusti lan pakaryanipun saged kita tindakaken ing pigesangan kita. Mugi kita nggadhahi raos ajrih asih dhumateng Gusti lan manah ingkang pasrah sumarah. [B’Jez]

“Tilase wong ala luwih kajen tinimbang tilase wong apik“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak