Waosan: Lukas 2 : 41 – 52 | Pamuji: KPJ. 436
Nats: “Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa.” (Ayat 52)
Miturut teori Perkembangan Kognitif saking Jean Piaget, kasebataken bilih lare ingkang mancik yuswa 11-15 taun punika mlebet wonten ing proses Operasional Formal. Tegesipun lare punika saged nggalih babagan sacara abstrak. Kinten-kinten ugi sami kaliyan ingkang dipun lampahi dening Gusti Yesus nalika yuswa 12 taun. Waosan kita dinten punika nyariosaken Gusti Yesus ing Padaleman Suci. Nalika semanten Gusti Yesus sareng kaliyan tiyang sepuhipun, Yusuf lan Maryan tindak dhateng kutha Yerusalem, saperlu ngriyadinaken Paskah. Sak sampunipun Yusuf lan Maryam wangsul dhateng Nasaret, kanyata bilih Gusti Yesus mboten wonten ing satengah-tengahing rombongan, Gusti Yesus kantun. Saksampunipun dipun padosi, Gusti Yesus kapanggihaken wicantenan kaliyan para imam wonten ing Padaleman Suci. Saking ngriki, kita saged mangertos kados pundi Yusuf lan Maryam ngraosaken kuwatos nalika Gusti Yesus mboten wonten ing antawisipun. Sanalika Yusuf lan Maryam madosi Gusti Yesus. Bab punika nedahaken bilih kekalihipun punika tiyang sepuh ingkang peduli dhateng kawontenan putranipun.
Ing prekawis sanes, Gusti Yesus sansaya tuwuh dados pribadi ingkang kebak kawicaksanan. Ayat nats kita nyebataken, “Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa.” (Ay. 52). Saking ayat punika kita saged mangertos bilih tuwuh kembangipun Gusti Yesus punika sae. Yusuf lan Maryam minangka tiyang sepuhipun gulawentah Gusti Yesus kanthi sae.
Saking cariyos punika, kita mangertos wonten proses gesang ingkang dipun alami Yusuf lan Maryam minangka tiyang sepuh. Mekaten ing salebeting gesang kita, kita tamtu nate ngalami prekawis gesang ingkang dadosaken kita rumaos kuwatos, ajrih, lan sumelang. Kita kedah sadar bilih sadaya kawontenan ingkang kita alami punika wonten hikmahipun. Tegesipun, menawi kita purun ngalami proses saking Gusti Allah, tamtu kita saged ngraosaken pangrimatan saha pitulungan saking Gusti Allah. Sanadyan gesang kita kedah ngadepi tahapan-tahapan ingkang awrat, mangga kita tetap tuwuh ing pangertosan bilih Gusti Allah setya nganthi lan nulungi kita. Amin. [cito].
”Tuwuh ing salebeting prosesipun Gusti Allah dadosaken kita pribadi ingkang kebak kabecikan.”