Bacaan: Yesaya 49 : 5 – 15 | Pujian: KPJ. 357
Nats: “Aku ditimbali déning Pangéran dadi abdiné, sadurungé aku lair, didhawuhi ngulihaké lan nglumpukaké Israèl, umaté sing sumebar. Aku kajèn ana ing ngarsané Allah, lan Panjenengané dadi etuking karosanku.” (Ayat 5)
Tugas lan tanggel jawab punika saged ngemu pangertosan ingkang positif lan negatif ing kahanan gesangipun manungsa. Positif bilih dipun mangertosi tugas lan tanggel jawab punika dados srana identitas utawi kaurmatan manungsa, saged dados tujuanipun gesang. Dipun paringi tugas lan tanggel jawab punika ngemu teges bilih kita taksih kajen utawi taksih migunani kangge tiyang sanes. Tugas lan tanggel jawab ndadosaken kita bingah lan semangat anggenipun nglampahi gesang. Kosokwangsulipun ngemu pangertosan negatif bilih tugas lan tanggel jawab punika dados beban (nambah pandamelan, nambah susah, boten saged bebas,lsp). Tugas lan tanggel jawab ndadosaken kita rumaos awrat lan kebak sambat anggenipun nglampahi gesang.
Gusti Allah paring jejibahan dhumateng Yesaya inggih punika nimbali lan mbeta umat Israel wangsul malih dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah kersa nimbali Yesaya, wiwit Yesaya taksih wonten ing guwa-garba ibunipun. Gusti Allah mboten namung nimbali Yesaya kangge mulihaken bangsa Israel ingkang ical, ananging ugi supados dados pepadhang kangge para bangsa sanesipun. Timbalanipun Yesaya nglangkungi wates Israel lan sumebyar ing saindenging jagad. Gusti Allah ngersakaken Yesaya dados saluran berkah kangge sadaya manungsa. Yesaya nampi jejibahan punika kanthi bingahing manah lan kanthi pitados dhumateng Allah. “Aku kajèn ana ing ngarsané Allah, lan Panjenengané dadi etuking karosanku”.
Lajeng kados pundi kaliyan gesang kita? Punapa ingkang dados tugas lan tanggel jawab kita? Lumantar timbalanipun Yesaya punika, kita saged sinau manawi saben gesang punika nggadahi tujuan ingkang sampun dipun tamtokaken dening Gusti Allah. Mekaten ugi ing satengahing gesang kita. Lumantar GKJW, Gusti Allah nimbali kita sadaya supados saged makempal kagem makarya dados pepadhang ing jagad. Kita dipun timbali paring pawartos kawilujengan dhumateng tiyang-tiyang ingkang dereng wanuh dhumateng Gusti Yesus. Krana punika kautuhan GKJW kedah dipun jagi. Kautuhan punika saged lestantun bilih kita sagah nampi timbalanipun Gusti lan tansah bingah makarya mbangun turut dhateng timbalanipun Gusti. Amin. [Sungsang].
“Susah padha susah, seneng padha seneng, eling padha eling, rukun agawe santosa, crah agawe bubrah”