Wantun Netepi Timbalan Pancaran Air Hidup 29 April 2022

29 April 2022

Waosan: Yesaya 6 : 1 – 4 ǀ Pamuji: KPJ. 445 : 1, 2
Nats:
“Iku pada nguwuh sasauran, tembunge: “Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, saindenging bumi kebak ing kamulyane!” (Ayat 3).

Bilih kita nglebetaken lamaran pandamelan wonten ing salah satunggiling perusahaan, tamtu ingkang dipun ajeng-ajeng inggih punika kita dipun timbali dening bagian HRD-nipun. Lajeng bilih lamaran punika sampun dipun tampi, mesti wonten training utawi masa uji coba, supados kita saged adaptasi kaliyan pandamelan ingkang dipun pasrahaken dhateng kita. Nanging pitakenanipun sakpunika: “Pripun perasaan panjenengan, bilih panjenengan mboten nglebetaken lamaran, nanging dipun timbali lan dipun pasrahi pandamelan ingkang gathi tur awrat sanget? Punapa malih mboten wonten masa training langsung nyambut damel?” Temtu kita ngraosaken kaget, bingung, mboten pantes, mboten layak, lsp. Mekaten ugi ingkang dipun raosaken dening Nabi Yesaya.

Wonten ing waosan kita ing dinten punika, kita saged mirsani Nabi Yesaya dipun timbali Gusti Allah, lumantar satunggal cara ingkang istimewa. Yesaya mirsani para Serafim jumeneng lan ngubengi Sang Yehuwah. Saestu agung kamulyanipun Sang Yehuwah, matemah ndadosaken Yesaya rumaos kaget, ajrih, lan mesti tiwas. Amargi Yesaya rumaos kebak dosa lan mboten benten kaliyan tiyang sanes sakbangsa, ingkang najis lambenipun. Sinaosa mekaten, Gusti Allah ngersakaken lan gadhah rancangan ingkang endah tumrap Yesaya. Panjenenganipun nyucekaken lan mantesaken Yesaya kangge nglampahi tugas suci punika. Yesaya dipun utus mawartosaken timbalan pamratobat lan pepenget kangge bangsa Israel bilih paukumanipun Gusti Allah badhe dhawah. Amargi rikala Prabu Uzia taksih gesang, piyambakipun sampun nindakaken dosa. Prabu Uzia sampun mboten setya lan ngremehaken kamulyanipun Gusti. Mekaten ugi sadaya bangsa Israel, saweg nglampahi dosa lan pakaryan ingkang mboten nyondongi kaliyan manahipun Gusti.

Ing wanci sakmangke, kita sesarengan sami dipun timbali dening Gusti dados abdinipun ingkang sejati, ingkang wantun dipun utus lan wantun makarya kagem kamulyanipun. Sampun ngantos kita kados dene bangsa Israel/ Prabu Uzia, ingkang sampun dipun berkahi nanging nebih saking Gusti lan nglampahi tumindak dosa. Sumangga kita sami gesang kadosdene Yesaya, ingkang saged mbabar kabar kabingahan, mujudaken kasucen lan kamulyanipun Gusti, lumantar gesang kita ing padintenan. Amin. [YAH].

“Nindakaken pakaryaning Gusti Allah dadosaken berkah kangge sesami kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak