Nggayuh lan Andum Katentreman Renungan Harian 29 Agustus 2019

29 August 2019

Waosan : 1 Petrus 3 : 8 – 12 | Pamuji : KPJ 245
Nats : ”Wong iku nyingkirana piala sarta nglakonana kabecikan; wong iku kudu ngupaya katentreman sarta ngudi supaya bisa kagayuh.” (ayat 11)

Saprakawis ingkang tamtu dipunpadosi lan upaya dening salir tiyang inggih punika katentreman. Manawi tiyang punika ngupaya bandha, kasugihan, semah ayu utawi nggantheng, lan sapiturutipun, sadaya punika katindakaken supados gesangipun ngraosaken katentreman. Ngemu suraos bilih, sakathahing punapa ingkang kadarbe, punika dados lantaran kemawon supados katentreman saged kagayuh. Sanes barang darbe tujuanipun, ananging inggih katentreman.

Prakawis prasaja sanget ingkang saged kita tindakaken anggen nggayuh katentreman kajawi srana ngupaya barang darbe, inggih punika lumantar tutur lan tumindak ingkang becik. Saestu, bilih tutur saha tumindak becik punika saged nuwuhaken katentreman. Contonipun, manawi tiyang punika remen ngocapake goroh utawi ngapusi, tamtu manahipun was-was krana ajrih manawi pagorohipun kawelehake. Mekaten ugi manawi tumindakipun awon, sacara naluriah tuwuh raos was sumelang ing tembe mangke badhe ngundhuh wohing panggawe. Malah-malah, boten namun manahipun piyambak ingkang boten tentrem, ananging tiyang sanes ingkang nampi pagoroh lan piawonipun ugi boten ngraosaken katentreman.

Ing wanci punika, swawi kita ngraos-ngraosaken kanthi labet malih, bilih ngupaya katentremaning manah kita piyambak, punika dados prakawis ingkang wigati sanget. Awit, kita boten badhe saged andum katentreman dhateng sesami manawi manah kita piyambak dereng ngraosaken katentreman. Anggen kita ngupaya katentreman, tamtu kedah kita tanemaken ing manah kita langkung rumiyin, bilih katentreman punika asipat alami, ateges boten saged namung apen-apen / ethok-ethok / purapura. Satunggaling ukuran bilih kita nggadhahi katentreman, inggih awujud tutur lan tumindak becik ingkang boten namung ethok-ethok becik, sanes pencitraan!

Katentreman sanes bab ingkang kaangge pamer. Ukuranipun katentreman sanes barang darbe, ananging katitik saking punapa ingkang medal saking pikiran, manah, lan tutuk kita. Jiwa ingkang tentrem, ndadosaken sok sintena ing sakiwa-tengenipun ngraosaken ayem. Sansaya kathah kagunganipun Gusti ingkang nggadhahi katentreman, tamtu ugi sansaya binabar katentreman ing alam donya punika. Ateges, swarga ugi binabar. [aan] ”Katentreman kagayuh lumantar pakulinan nuturaken saha nindakaken kabecikan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak