Gusti Allah Ingkang Mahaasih lan Mahamirah Renungan Harian 28 Agustus 2018

28 August 2018

Waosan: Nehemya 9 : 16 – 31 I Pamuji: KPK 8 : 1,3, 5; KPJ 62 : 1-3.
Nats
: ”Ewa semanten awit saking agengipun sihpalimirma Paduka inggih boten paduka tegakaken, amargi Paduka punika Gusti Allah ingkang mahaasih lan mahamirah.” (ayat 31)

Bangsa Israel menika bangsa ingkang ing gesangipun asring mbalela ing ngarsanipun Gusti. Kamangka bangsa menika sampun kapiji dening Gusti. Nanging nalika ngraosaken gesang ingkang tebih saking karsanipun Gusti, bangsa Israel  ngrumaosi lan mratobat. Lajeng Gusti paring pangapunten dhateng bangsa menika. Kawontenan ingkang kados mekaten kalampahan marambah-rambah. Mbalela, mertobat, dipun apunten lumampah sae, lajeng wangsul malih nglampahi kalepatan.

Ing waosan kita menika isi pandonganipun nabi Nehemya ngakeni kawontenanipun bangsa Israel ingkang sami tumindak gumunggung saha boten mituhu dateng pepakenipun Sang Yehuwah. Lumuh mirengaken lan boten sami purun ngengeti kaelokan ingkang sampun dipun tindakaken dening Sang Yehuwah. Malah kados badhe nekat wangsul ing pangawulanipun Mesir. Nanging Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asih darma tuwin ambeg welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun; boten karsa negakaken bangsa Israel menika. Malah ugi boten nate ngendeg roti manna, lan kangge ngicali ngelakipun bangsa Gusti Allah paring toya. Tugu mega boten kendhat-kendhat nuntun lampahipun ing wanci siyang, mekaten ugi tugu latu tansah madhangi ing wanci dalu. Taksih kathah malih pakaryanipun Gusti Allah kangge bangsa Israel ingkang kasebataken dening nabi Nehemya. Lajeng ing ayat 31 kasebataken:”Ewasemanten awit saking agengipun sihpalimirma Paduka inggih boten tegakaken, amargi Paduka menika Gusti Allah ingkang mahaasih lan mahamirah”.

Saestu Gusti Allah menika mahaasih lan mahamirah. Bangsa Israel ingkang sok mbalela kemawon boten badhe dipun tegakaken dening Gusti Allah.Temtu kita ugi mekaten, boten badhe dipun tegaken Gusti. Angger kita sampun ngantos kesupen  ajeg ndedonga ugi purun ndedonga kangge tiyang sanes.Kita ugi purun dados margining berkah kangge tiyang sanes. Sinaosa “namung” pandonga, nanging pandonga menika mesthi dados margining berkah.[Bpur]

“Gusti Allah menika mahaasih, asung berkah kangge sadhengah titah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak