Waosan: 1 Samuel 2 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 133
Nats: “Manah kawula abingah-bingah margi Sang Yehuwah, singating karosan kawula linuhuraken dening Sang Yehuwah.” (Ayat 1)
Motto Rumah Sakit Kristen (RSK) Mojowarno, “Pangandelmu Kang Mitulungi Kowe”. Motto punika menarik dipun raosaken awit motto punika adhedhasar saking pangandel dhumateng Gusti Allah. Pramila sadaya peladosan lan pangrimatan ingkang dipun tindakaken dening RSK. Mojowarno punika wujud sih katresnanipun Gusti, ingkang kasumurupaken dhateng tiyang kathah. Motto punika ugi ngengetaken para pasien saking maneka werni latar belakang, bilih piyambakipun nggayuh saras saking sesakit, mboten cekap namung ngandelaken pangupadi utawi pangrimatan saking tim medis kemawon, nanging ugi kedah kumandel dhumateng Gusti. Matemah nalika piyambakipun saras saking sesakit, mboten namung jalari suka bingah ing manah kemawon, nanging ugi saos sokur ing ngarsanipun Gusti Allah.
Wonten ing waosan, Hana asung pamuji sokur ing ngarsanipun Gusti kanthi suka rena. Cariyosipun Hana estu kebak ing reribed, piyambakipun dipun wastani gabug, mboten kagungan putra. Sanadyan ta mekaten, Hana kanthi sregep tindak ing Padaleman Suci saperlu dedonga lan nyenyuwun sih palimirmanipun Gusti. Ing ngriki Hana nglairaken pangucap, “bilih piyambakipun dipun paringi putra jaler, piyambakipun badhe nyaosaken kang putra dhumateng Gusti ing salawasing gesangipun.” Wusananipun, Gusti Allah pirsa lan nyumurupaken sih tresnan-Ipun. Hana ngandhut lan nglairaken bayi jaler ingkang paringi asma Samuel. Gusti Allah sampun nyumurupaken panguwaos-Ipun ing gesangipun Hana. Pramila Hana asung pamuji, ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi pitembungan, “Manah kawula abingah-bingah margi Sang Yehuwah, singating karosan kawula linuhuraken dening Sang Yehuwah.”
Mboten wonten bab ingkang mokal ing ngarsanipun Gusti Allah. Sumangga kita sinau saking Hana, ing sajroning pangupadi gesang kita, mangga kita lampahi kanthi sregep dedonga lan kebak pangajeng-ajeng dhumateng Gusti. Gusti Allah sampun ngrerancang gesang kita ing ngajeng kanthi kebak tentrem raharja. Pramila sampun ngantos kita dawah ing raos nglokro. Sumangga kita ngupaya gesang kanthi laku sregep dedonga supados prekawis ingkang kita gayuh jalari raos bingah lan saos sokur ing pigesangan kita saben dinten. “Pangandelmu kang mitulungi kowe!” [mojoo].
“Ing ngarsanipun Gusti, tan wonten bab ingkang mokal.”