Gesang Prasaja Renungan Harian 27 Oktober 2019

27 October 2019

Waosan  :  Lukas  18 : 9 – 14    |    Pamuji : KPJ.  68
Nats:
“Ngandela, saungkuré saka ing papan kono, pegawé pajeg mau sing pandongané ketrima déning Gusti Allah, dudu wong Farisi mau. Awit saben wong sing ngluhuraké awaké dhéwé, bakal diasoraké, déné wong sing ngasoraké awaké dhéwé, kuwi bakal diluhuraké.”  (ay. 14)

Wonten ing gesang padintenan sae ing desa lan ugi wonten ing kitha sedaya ngakeni bilih laku prasaja menika endah ing madyaning bebrayatan. Malah nalika wonten ing sajroning pilihan kepala desa utawi pemimpin sanesipun, tiyang ingkang prasaja langkung dipun remeni katimbang ingkang sombong lan angkuh. Mila kaprasajan menika estu dados mata uang  ingkang saged kaginakaken ing pundi papan lan panggenan.

Kados dene ing waosan kita, Gusti Yesus paring pitutur lumantar pasemon bab tiyang Farisi lan pegawe pajeg. Juru Pajeg ingkang prasaja lan mboten nyuwun menapa-menapa kejawi namung nyuwun kawelasanipun Gusti (ayat 13) malah kaberkahan. Tiyang Farisi ingkang rumaos bombong krana rumaos langkung hebat lan tansah nindakaken kewajiban agami ing gesangipun (ayat 11). Emanipun sanes menika ingkang katampi lan binerkahan dening Gusti. Nats ing waosan kita nelakaken bilih tiyang ingkang prasaja lan estu andhap asor ing ngarsanipun Gusti pinaringan berkah katampi dening Gusti Allah (ayat 14). Piwucal sae ugi kangge gesang kita padintenan ing madyaning bebrayatan. Menapa malih wonten ing satengah-tengahing gesang sesarengan warga ingkang beda sae keyakinan, suku, lan bangsa.

Gesang prasaja lan andhap asor menika estu dados tandha lan paseksi endah, krana sok sintena kemawon tamtu bingah gesang sesarengan klayan tiyang ingkang mekaten. Jer menika ingkang dados kabingahan mboten namung kangge paraga ingkang nglampahi, nanging ugi Gusti piyambak. Sugeng gesang ingkang prasaja tebih saking gumunggung lan sami anempenana berkahipun Gusti, tinampi sesami lan ugi mbingahaken Gusti. (LUV)

“Prasaja iku kekuawatanmu”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak