Aja Cilik Ati! Gusti Allah Ora Sare! Renungan Harian 27 November 2019

27 November 2019

Waosan : Yesaya 60 : 9 – 16  |  Pamuji : KPJ. 178-a
Nats:
“Anak-anake para wong kang  nindes sira  bakal padha marani sira kalawan tumungkul, lan sakehe wongkang pada ngala-ala sira bakal sujud nyembah marang tlapakaning sikilira, sarta bakal nyebut sira, “ kuthaning Pangeran Yehuwah”. “Sion kagungane Kang Maha suci, Gusti Allahe Israel” ( Yesaya 60:14)

Menawi kita nyawang salah satunggaling redi (gunung) saking katebihan, ketawis elok sanget. Wit-witanipun kados katata kanthi rancak, sunaripun srenge ingkang wonten nambah kaelokanipun sesawangan kita, menapa malih nalika kita nyawang ing wanci enjang saestu ketawis endah. Kaelokanipun sesawangan redi  menika kadhang nggigah pepinginan kita mangertos kahananipun lingkungan ing sakiwatenganipun redi. Biasanipun sesawangan saking katebihan redi punika elok, endah, nanging menawi dipun celaki, ing sakiwa tenganipun redi punika kathah eren, wana, jurang lan sapanunggalanipun. Lah mekaten ugi ing gesangipun umat kagunganipun Gusti, kados umat Israel ing Yehuda, ing jamanipun nabi Yesaya, ngalami kaelokan, ugi ngalami gesang ingkng karaos mboten elok, nate ngalami paukuman, dipun bucal dhateng Babil, nanging bab punika namung satunggilang pandadar (ujian), menapa taksih setya tuhu dhateng Yehuwah, menapa mboten. Tujuanipun tiyang Yehuda sanajan rekaos, nanging taksih setya tuhu, mila salajengipun kaentasaken saking Babil, lan kabekta malih dhateng Yerusalem.

Wonten ing Yerusalem, rupinipun tiyang-tiyang Yehuda taksih rumaos katindhes, kamangka sampun wonten ing negrinipun piyambak, ing pundi Yehuwah Allahipun ngreksa lan maringi pangayoman. Batosipun tiyang-tiyang Yehuda taksih ngalami momotan ingkang karaos awrat. Nguningani kawontenan ingkang mekaten, nabi Yesaya maringi pangatag-atag, bilih tiyang-tiyang ingkang suwaunipun nindhes menika badhe malik grembyang, badhe sujud sumuyud, ingkang memoyok ugi sujud tumungkul, tegesipun, sampun saestu nelangsani pandamelipun, lan mratobat, malah salajengipun nyebat tiyang Yehuda minangka “kithaning Pangeran, lan Sion, minangka lambang bilih Gusti Allah tansah nunggil, saha nganthi dhateng umatipun.

Pasamuanipun Gusti, ugi mboten uwal saking wontenipun momotaning gesang, ingkang saged nuwuhaken alit ing manah, malah kadang nglokro, kamangka kita punika putranipun Gusti, mila menawi wonten momotaning gesang, sampun ngantos alit ing manah, krana Gusti nunggil ing kita. (YK).

“Sakehing sumelang pasrahna marang Gusti, aja cilik ati”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak