Pitados Dhumateng Gusti Nampi Pitulungan Pancaran Air Hidup 27 Maret 2023

27 March 2023

Waosan: 1 Para Raja 17 : 17 – 24 │ Pamuji: KPJ. 334 : 1 – 3
Nats:Wong wadon mau tumuli matur marang Nabi Elia: “Sapunika kula sumerep, bilih panjenengan punika abdining Allah saha bilih pangandikanipun Sang Yehuwah ingkang panjenengan ucapaken punika pancen leres.” (Ayat 24)

Gampil pundi mitadosi ingkang ketawis punapa ingkang boten ketawis? Mesthinipun kita sarujuk, langkung gampil mitadosi ingkang ketawis. Bab punika ingkang dados pambengan kita kangge mitadosi pitulunganipun Gusti Allah, awit Gusti Allah boten ketawis. Kita saged sinau saking lampah gesangipun randha ing Sarfat, ingkang swaunipun boten pirsa sinten punika Gusti Allah, ananging pitados dhumateng Gusti Allah lan saestu ngestokaken punapa ingkang kadawuhaken. Kamangka dawuhipun Gusti Allah kalawau namung lumantar utusanipun, inggih punika Nabi Elia.

Waosan kita nyarisoaken randha Sarfat ingkang nampi rawuhipun Nabi Elia lan paring sesegahan saking kekiranganipun. Kangge ngurmati tamunipun, randha kalawau kados-kados boten nggatosaken kabetahanipun piyambak. Randha kalawau namung kagungan glepung sagegem ing wadhah kaliyan lisah sakedhik ing guci. Sejatosipun punika namung cekap kangge piyambakipun lan anakipun. Karana ingkang ndawuhi utusanipun Gusti Allah, randha kalawau nindakaken sedaya ingkang kadawuhan. Babar pisan boten wonten rumaos kuatos lan ajrih. Kamangka kawontenan gesang ingkang dipun alami saweg ngalami kacingkrangan ingkang awrat sanget, awit nemahi mangsa paceklik, kali asat lan boten wonten jawah. Karana kapitadosanipun dhumateng Gusti Allah punika, randha kalawau nampi rejeki ingkang boten telas. “Glepung ing wadhah ora enthek-enthek lan lenga ing guci ora suda” (1 Para Raja 17:16).

Kaping kalihipun, putrinipun sakit sanget ngantos seda. Punika mesthi murugaken randha kalawau sedih lan prihatos sanget. Sepisan malih, awit karana kapitadosanipun, putrinipun saras lan gesang malih. Randha kalawau manut kemawon dhateng punapa ingkang dipun suwun dening Nabi Elia. Babar pisan boten mangu-mangu dhumateng Gusti Allah. Ingkang dados pitakenan kangge kita, kados pundi kadadosan ing kelampahan gesang kita? Sinten ingkang kita antepi ing gesang padintenan? Punapa saged kita nggadhahi iman kapitadosan ingkang sami kaliyan randha Sarfat kalawau? Mesthinipun kita sami pitados dhumateng Gusti Allah, sanadyan boten ketawis, sanadyan boten kasat mripat, ananging pakaryanipun mesthi nyata lan boten kanyana-nyana. Swasi kita sami pitados namung dhumateng Gusti Allah, awit kita badhe nampi pitulungan ingkang sanyata. Amin. [Life].

“Ora ana sing mokal marginipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak