Titinen Awakmu Renungan Harian 27 Juni 2019

27 June 2019

Waosan : 2 Korintus 13 : 5 – 10 | Pamuji : KPJ 155
Nats : “Awakmu dhewe ujinen, apa padha isih teguh ing pracaya.”[ayat 5a]

Asring kita mirengaken wonten ing pungkasaning khotbah ukara mekaten, “Sumangga kita niti priksa gesang kita piyambak langkung rumiyin, punapa sampun lan tansah lumampah condong kaliyan karsanipun Gusti?”. Wonten ingkang namung mirengaken kemawon, wonten ingkang nglampahi, ananging ingkang kathah saking kita mungel ing batos “wis apik, terus ngupadi kabecikan ben terus binerkahan dening Gusti”. Nedahaken bilih atur pamuji dumateng lampah gesang piyambak punika langkung ageng tinimbang ngakeni kekirangan kita. Kahanan punika paring gambaran bilih salah satunggile sifat manungsa “egois”. Artosipun, rumaos pinunjul ing mawarni warni babagan, lan kalepatan sesami tansah ketingal langkung ageng. Wonten ingkang kagungan pamanggih bilih pamuji dumateng diri piyambak punika salah satunggile cara kangge tameng tumrap agenge panggoda donya, satemah tiyang boten bade gampil kaasoraken kaliyan sesaminipun.

Rasul Paul pitutur dateng pasamuwan Korintus kalambaran kaliyan raos kuwatosipun, awit pasamuwan punika kajawi tansah ngorong dumateng pakaryane Roh Suci kang ngedap-edapi, ugi wonten ing gesangipun taksih nampeni piwucal-piwucal “palsu”. Kahanan punika saged nggiring pasamuwan Korintus dumateng karingkihan iman kapitadosan dumateng Gusti Yesus. Menawi kemawon uwal saking pangrengkuhe Gusti, pasamuwan Korintus tamtu dumawah ing piawon. Nanging menawi Gusti Yesus tansah dados paugeran, raos tatag, “tahan-uji”, kadiwasan iman, kabecikan, ketingal leres ing lampah gesangipun. Kanti mekaten pasamuwan ing Korintus kaangkah ing lampah gesangipun cundhuk kaliyan kayekten lan dados sampurna wusananipun.

Niti-priksa dumateng “diri-pribadi” punika kedah kalampahan saben dintenipun, punapa lampah gesang kita taksih lan tansah condong kaliyan karsane Gusti punapa sampun uwal saking pangrengkuhe Gusti. Paningal kita dumateng sesami lan paring “penilaian” ingkang awon kedah kalengseraken, kita gantos kaliyan jagi gesang piyambak saking panggodane donya kang kebak piawon. Kanthi mekaten gesang kita dados pepadang kangge sesami lan andap asore manah kita punika wujude piranti putranipun Gusti ngasoraken sifat “egois” manungsa. Amin [yohdik]

“Ayem manah lan nyawa kula ing ayoming sihing Gusti

Renungan Harian

Renungan Harian Anak