Waosan : Purwaning Dumadi 30 : 25 – 36 | Pamuji : KPJ. 346a
Nats: “Semah dalah anak-anak kula panjenengan paringaken, minangka pituwasipun anggen kula ngenger panjenengan, kula lajeng badhe mantuk, margi panjenengan sampun uninga piyambak anggen kula tumemen ngenger panjenengan.” (Ay. 26)
Manungsa katitahaken dening Gusti Allah supados makarya lan nyambut damel. Maneka warni wujuding pedamelan, kados PNS, karyawan swasta, guru, dokter, tani, lsp. Sadaya kalawau mesthi kawastanan pedamelan ingkang sae lan prayogi. Nanging boten sadaya pedamelan ingkang sae dipun lampahi kanthi sae. Wonten ingkang nyambut damel namung kangge mburu arta lan nyambut damel namung kangge kepentingan dirinipun piyambak sanes kagem tiyang sanes utawi brayatipun. Pramila anggenipun nyambut damel boten dipun tindakaken kanthi temen-temen. Ingkang dados pitakenan, manawi nyambut damel kanthi tujuan ingkang boten leres punapa nggih saged nuwuhaken berkah?
Yakub nyambut damel dhateng Laban ngantos 14 tahun. Punika kalawau dipun wastani namung ngenger, artosipun namung ndherek alias boten wonten bayaranipun. Sanadyan namung ngenger boten ateges Yakub anggenipun ngrencangi Laban, nyambut damel kanthi sembarangan. Yakub tansah nyambut damel kanthi tumemen, ngantos Laban ingkang dipun dhereki nggadahi paseksi bilih Pangeran Yehuwah mberkahi gesangipun karana Yakub. Yakub nyambut damel saestu kanthi semangat ingkang sae, kebak tanggel jawab, setya lan fokus kaliyan pakaryanipun. Pramila pungkasanipun saestu nengsemaken, ingkang katampi dening Yakub nglangkungi pangagen-angenipun. Yakub dados tiyang sugih, sugih raja kaya awit saking tumemenipun anggenipun nyambut damel. Ingkang katampi dening Yakub nglangkungi panyuwunipun. Pakaryan ingkang sae bilih katindakaken kanthi sae mesthi badhe nuwuhaken berkah ingkang boten kanyana lan nglangkungi pangangen-angen kita.
Yakub ugi ngalami prakawis ingkang nguciwani, ingkang dipun pingini boten kasembadan, ananging boten murugaken Yakub nglokro. Yakub tetep ing tanggel jawabipun lan ngrampungaken kanthi tumemen punapa ingkang dados ayahanipun. Matemah boten namung Yakub ingkang binerkehan, ingkang dipun dhereki inggih punika Laban, ugi binerkahan dening Gusti. Pramila, sumangga sami anggadahi semangat ingkang sae, dikados pundi kawontenan kita, punapa kemawon panyambut damel kita, sadayanipun kita tindakaken kanthi sae lan kebak tanggeljawab. Sugeng makarya kanthi tumemen lan Gusti ingkang mberkahi. [Life]
“Ingkang pantes kita galih sanes aku arep nampa apa nanging aku maedahi apa”