Plek Kaya Modele Renungan Harian 27 Januari 2019

27 January 2019

Waosan : Lukas 4 : 14 – 21 | Pamuji : KPJ 403
Nats : “Ing dina iki, sajroné kowé padha ngrungokaké, pangandika mau wus kelakon.“[ayat 21]

Manungsa katitahaken dening Gusti Allah miturut gambar lan pasemonipun (PD 1:26). Tegesipun manungsa ditimbali/kersakake Gusti Allah gesang sampurna ing kasucen lan tumindak-tumindak utama : katresnan, kabeneran, kaadilan, katentreman (Mt 5:48). Bangsa Israel diutus lan binerkahan dados seksi pangandika lan pakaryanipun Gusti Allah, ananging mboten saged nindakaken timbalan menika. Kahananipun bangsa Israel mrihatosaken sanget, sedaya umat sami ngrantos kapan Gusti Allah ingkang Mahakuwaos badhe nylametaken bangsa Israel kados pamedharing wangsit para nabi ing jaman kuno? Gusti Yesus mutusi lumampah netepi pangandika menika, “Ing dino iki pangandika mau wus kelakon”.

Gusti Yesus netepi timbalan dados utusan srana nggiyaraken Injil kratoning Allah marang wong-wong miskin, kinunjara, wuta lan katindhes, ngundhangaken tahun rahmatipun Gusti. Sarehne mbangun turut mituhu marang rancangan lan kersanipun Gusti Allah, Yesus Kristus sinebut Putraning Allah. Punapa ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus punika saestu pakaryanipun Gusti Allah piyambak awit rohing Allah ing Panjenenganipun. “Sing sapa ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama “(Yoh 14:9).

GKJW ugi tinimbalan dados rencang damelipun Gusti Allah (Yoh 5:17;Rum 8:28) marang jagad lan sumadya tanggel jawab mujudaken katresnan, kabeneran, kaadilan, tentrem rahayu ing masyarakat, bangsa lan negari (Tata Gereja GKJW Bab II Pasal 4 ayat 1 dan 2). Tema peladosan, rancangan lan pakaryan peladosan (PPJP-PPJM-PKTGKJW) ingkang katetepaken ing persidangan nedahaken bilih GKJW mbudidaya supados anggenipun leladi tansah salaras kaliyan kersanipun Gusti Allah. Punapa masyarakat Jawa Timur saestu nyumerepi bilih paseksenipun warganing GKJW menika demi mujudaken kersanipun sang Kristus ?

Refleksi : Nalika manggihi kahanan lingkungan RT ingkang worsuh : kathah regedan/sampah plastik, kali banger, kalenan/got mampet, dalanan kampung rusak, suket pinggir dalan jembrung, lsp, aku arep ngrancang lan nindakeapa? [PAY]

Nalika kabaptis, kita sinebut para putranipun Allah. Pakaryan nyata punapa ingkang sampun kita tindakaken dhateng masyarakat sakiwa tengenipun gereja ?

Renungan Harian

Renungan Harian Anak