Waosan: Yokanan 21 : 19b – 24 | Pamuji: KPJ. 445: 1
Nats: “Nalika Petrus weruh sakabat iku mau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, dene punika badhenipun kados pundi?” (Ayat 21)
“Aah… kepo…” punika salah setunggalipun tembung ingkang samangke asring kita mirengaken. Tembung kepo punika misuwur wonten media sosial. Wiwitanipun, tembung punika kaanggep singkatan saking basa Inggris: Knowing Every Particular Object, tegesipun kirang langkung tiyang ingkang mangertosi lan paham samukawis kanthi lebet. Punika benten kaliyan tumindak pengin mangertosi utawi penasaran bab punapa kemawon. Manut Ivan Lanin, Pengamat basa, tembung kepo ingkang asring dipun damel samangke sanes saking basa Inggris, nanging saking basa Hokkian, inggih punika “Kay Po”, ingkang tegesipun tiyang ingkang tansah nggadhahi raos penasaran sanget lan kepengin mangertosi bab punapa kemawon kalebet ugi urusanipun tiyang sanes, sinaosa kedahipun mboten dipun mangertosi.
Ing waosan kita, Petrus sampun kapulihaken Gusti Yesus awit saderengipun, Petrus sampun nyèlaki Gusti Yesus. Petrus nampi tugas saking Gusti Yesus supados ngengèn mendha-mendhanipun Gusti. Gusti Yesus ugi ngaturi pirsa bilih nalika sepuhipun Petrus badhe ngalami kasangsaran lan ngajal karana Gusti Allah. Lajeng Petrus ketingal kepo, pengin mangertosi nasib saking para rencangipun. Ketingalipun Petrus punika penasaran, punapa ingkang badhe kedadosan tumrap Yokanan (Ay. 21). Gusti Yesus lajeng ngengetaken Petrus bilih bab punika sanes wenangipun Petrus. Wenangipun Petrus namung ndherek Gusti Yesus, angen mendha-mendhanipun Gusti (Ay. 22). Ing ngriki, Gusti Yesus ngersakaken supados Petrus saged ngener dhateng timbalanipun Gusti, matemah Petrus saged nindakaken bagianipun kanthi sae lan estu, mboten malah repot pengin ngertos urusanipun tiyang sanes lan mbandingaken piyambakipun kaliyan tiyang sanes.
Lajeng kados pundi tumrap kita samangke? Punapa kinten-kinten kita asring kados dene Petrus wau? Kita asring kepo, nggadhahi raos pengin mangertos dhateng gesangipun tiyang sanes. Wangsulanipun Gusti Yesus dhateng Petrus wau kedahipun dados pangenget tumrap kita, bilih kepo punika mboten sae, awit saged ndadosaken kita meri, mboten fokus dhateng tanggel jawab kita piyambak. Ing wekdal badhe tutup taun punika, mangga sami niti priksa dhateng pigesangan kita. Menawi kita asring kepo, swawi kita ewahi, supados kita saged ngener dhateng timbalanipun Gusti lan tanggel jawab kita piyambak, matemah gesang kita ing warsa enggal saged sangsaya sembada ing ngarsanipun Gusti. Amin. [nn].
”Swawi sami fokus dhateng timbalan kita piyambak-piyambak.”