Waosan : Wahyu 3 : 7 – 13 | Pamuji : KPJ 124
Nats : “Ingsun bakal dumrojog rawuh. Apa kang sira duweni iku kukuhana, supaya aja ana wong kang ngepek makuthanira” (ayat 11)
Bu Angel tindhak dhateng stasiun badhe nitih sepur. Saksampunipun rawuh ing stasiun, piyambakipun sibuk ngleresaken posisi topi ingkang miring, reresik sepatunipun ingkang kesupen mboten dipunsemir sarta pados jarum saha benang kangge njahit benik (kancing) agemanipun ingkang copot. Intinipun, Bu Angel sibuk kaliyan prekawis-prekawis alit ingkang dipunlampahi. Ngantos piyambakipun mboten sadar bilih sepur ingkang dipuntengga sampun dugi, malah-malah sampun bidhal. Bu Angel kantun!
Kados pundi wangsulan panjenengan nalika mirsani kahanan Bu Angel punika? Punapa ingkang katindakakaken dening Bu Angel tamtu sanes tumindak ingkang lepat amargi topi ingkang miring tamtu prelu dipunlurusaken, sepatu ingkang rusuh mbetakaen dipunresiki, benik ingkang copot kedah dipunpasang. Ananging, masalahipun nalika Bu Angel kesupen punapa ingkang langkung sarta paling penting amargi migatosaken punapa ingkang sejatospipun mboten utami.
Asring sanget kahanan gesang kita kadosdene Bu Angel, nalika daya, upaya, wektu kita, kita telasaken kangge prekawis ingkang sanes prekawis utami utawi perkawis sorgawi. Gusti badhe rawuh, lha… kita kaajak ngukuhaken punapa ingkang kita gadahi. Kita kedah fokus kangge nenggani Gusti ingkang badhe enggal rawuh. Kanthi wicaksana metani punapa tumindak ingkang prelu sarta punapa ingkang kedah dipunpinggiraken. Makutha ingkang dados prajanji kangge sinten kemawon ingkang tansah nenggani rawuhipun Gusti mawi tumindak-tumindak ingkang leres, nggondeli punapa ingkang sae, sarta wicaksana migunakaken daya, upaya, waktu kagem kamulyanipun Gusti. [Ardien]
“ Wicaksana mboten kangge milih punapa ingkang penting utawi mboten penting, ananging punapa ingkang langkung utami“