Waosan : Wahyu11 : 1 – 14 | Pamuji : KPJ 433 : 1 – 2
Nats: “Wong-wong kang manggon ing bumi padha bungah awit saka kang mati iku lan padha pista apa déné padha kirim-kiriman bebungah, marga nabi loro mau padha nyiksa kabèh wong kang manggon ana ing bumi.”[ayat 10]
Wonten satunggal nèm – nèman ingkang wiwit alit ngantos lulus SMU nglampahi gesangipun wonten dusun. Lha nalika nglajengaken pasinaonipun, kuliah, piyambakipun kedah nglampahi gesang ing kutha. Satunggal wekdal nèm – nèman punika celathu dhateng kancanipun, “Rèk, mbok aku dijak tuku roti sing tengahé ana daging karo sayur kayak nèng tipi kaé lho.. Kétoké rasané kok énak”.. Saèstu, ing satunggal wekdal kanca – kancanipun krenteg numbasaken pepénginanipun kalawau. Punapa ingkang kedadosan ? Pranyata namung ngantos tigang cokotan lan lajeng luntak (muntah). Ningali kedadosan punika sedaya sami nggujeng kepingkel – pingkel, lan lajeng wonten ingkang celathu, “Yongalah, lha wong ya kulinané mangan téla gorèng…”.
Nats waosan kita nedahaken, tiyang – tiyang ing bumi sami bungah awit pejahipun nabi kalih, seksinipun Allah. Nabi kalih punika karaosaken niksa tiyang – tiyang ing bumi. Pitakènipun, kénging punapa kok saget ngaten?
Sedaya punika inggih amargi pakulinan. Tiyang – tiyang ing bumi boten kulina gesang condhong kaliyan karsanipun Allah. Gesangipun asring namung nggega pikajengipun piyambak, boten ngormati Padaleman Suci (tandha Gusti Allah rawuh ing tengahing gesangipun umat). Kosokwangsulipun, nabi kalih kalawau tan kendhat anggènipun paring paseksi bab dhawuh pangandikanipun Allah. Milanipun sedaya tiyang sami bingah manggihi nabi kalih kalawau sampun pejah. Nging pungkasanipun Gusti Allah mitulungi nabi kalih kalawau lumantar Roh Suci ingkang paring gesang.
Sinau saking paseksining kitab Wahyu punika, sampun sa’mesthinipun menawi kita sami purun ngulinakaken lelampahan gesang condhong kaliyan karsanipun Gusti Allah. Roh Suci dayaning gesang saking Gusti Allah ingkang badhé mitulungi saben kita ingkang sami purun ngudi kawujuding gesang condhong kaliyan karsaNipun.[wn]
“Gliyak-gliyak tumindak, sarèh pakolèh.”(Saloka)
Tegesipun : “Sanadyan alon-alon/ sithik-sithik anggoné nglakoni, nging kaleksanan“