Waosan : 1 Para Raja 8:41-43 I Pamuji : KPK.165:4-5
Nats: “… punapa dene Paduka mugi karsaa tumindak salaras kaliyan sadaya ingkang dipun unjukaken dening tiyang manca wau dhateng Paduka,….” (ay.43b)
“Sugeng sonten bu Ndito, kula punika nembe kemalingan wonten bis. Tas, hp, dompet sedaya dipunpendhet. Samangke kula mboten gadhah punapa-punapa. Griya kula tebih, bu”. Mekaten ingkang dipunaturaken satunggaling tamu dhateng kula. Piyambakipun gadhah pangangangkah supados kula purun ngaturi artha kagem piyambakipun. Tamtu kula selektif mboten angger ngedalaken artha karana kapanditan punika asring dados jujugan tiyang ingkang apus-apus. Wonten ingkang alasan kemalingan, wonten ingkang alasan mboten dikintun artha kaliyan putranipun, wonten ingkang madosi sadherekipun, wonten ingkang badhe nyade barang utawi rasukan, lan sanesipun. Asring kula aturi saksagedipun, minimal cekap kagem tumbas sekul bungkus.
Benten kaliyan kula ingkang selektif, Prabu Suleman nyenyuwun dhateng Gusti supados Gusti boten selektif nalika nampi pandonga saking sinten kemawon. Sae saking tiyang Israel, tiyang manca, lan sok sinten kemawon ingkang ndedonga wonten ing Pedaleman Suci dipunsuwun tansah dipunpirengaken dening Gusti. Kenging punapa? Karana sedaya tiyang ingkang ndedonga ing Padaleman Suci punika sampun mireng bab kaluhuranipun Gusti lan ugi tumindakipun Gusti ingkang ngedab-edabi. Nalika Gusti mirengaken panyuwun ing pandonganipun tiyang manca, tamtu Asmanipun Gusti badhe kaluhuraken wonten pundi-pundi papan mboten mligi wonten ing Israel kemawon. Punika ingkang dados pamanggihipun Prabu Suleman.
Menawi Gusti dipunsuwun boten selektif, mekaten ugi kita para pandherekipun. Kedahipun kita ugi boten selektif nalika paring katresnan utawi pambiyantu kagem sinten kemawon, boten pilih-pilih. Purun nresnani utawi mbiyantu namung karana tepang sae lan kepotangan budi. Menawi boten tepang tepang boten purun nresnani lan mbiyantu karana kuwatos kasaenanipun boten dipunbales. Makaten pamrihipun. „Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya awakira dhewe“ punika ingkang dipundhawuhaken Gusti supados katresnan lan pambiyantu kita dhateng tiyang sanes boten selektif utawi pilih-pilih.(cha)
Tresna iku sepi pamrih