Sabdaning Allah Iku Sampurna lan Patitis Pancaran Air Hidup 25 September 2021

25 September 2021

Waosan: Jabur 19 : 8 – 15 | Pujian: KPJ. 194 : 1, 2, 4
Nats:
“Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna, nyegerake nyawa; pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu, aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pangalaman. Pangandikane Sang Yehuwah iku patitis, mbungahake ati, …” (Ayat 8-9a).

Pranatan lan aturan punika dipun damel supados manungsa saged gesang kanthi tata, tertib, aman, ayem, lan tentrem. Supados wonten keseimbangan lan keselarasan sesambetan ing antawisipun manungsa lan Gusti Allah, manungsa lan sesaminipun saha lingkunganipun. Sedaya punika badhe kelampahan menawi kita sami ngakeni kasampurnan sabdanipun Allah.

Waosan kita, mligenipun ayat 8 – 12 ngrembag bab sifat, kauntungan, lan nilai-nilai saking angger-angger lan pangandikanipun Allah. Wonten gangsal (5) perangan inggih punika:

  1. Taurat/ angger-angger, isitlah umum kagem nedahaken karsanipun Gusti Allah ingkang bereg tiyang wonten ing salebeting sesambetan ingkang leres kaliyan Panjengenipun (8).
  2. Pranatan/ Pangandikaning Gusti Allah ingkang leres saged dadosaken kita wicaksana menawi kita purun nyinaoni (8).
  3. Pranatan/ Pangandikanipun Gusti Allah gegayutan kaliyan gesang leres ingkang bingahaken manah (9).
  4. Prentah ingkang leres kalian Pangandikanipun Gusti Allah inggih punika ajrih asih dhateng Allah, ingkang dhatengaken pangluwaran saking gesang ingkang kebak dosa (10).
  5. Hukum/ paugeran punika ingkang dados pranata pigesangan sacara sosial, ingkang ndhatengaken kaadilan lan kaleresan (10).

Kadawuhaken pangandikanipun Allah punika endahipun ngungkuli emas, malah emas ingkang murni; leginipun ngungkuli madu malah ngungkuli rembesing madu saking tala tawon. Artosipun pangandikanipun Allah punika langkung aji tinimbang barang-barang ingkang aji ing donya punika lan langkung saking bandha donya.

Sinten ingkang ngugemi sabdanipun Allah punika badhe nampi ganjaran ingkang ageng. Pramila saking punika, kita kedah dedonga kanthi ngakeni lan ngaosi kasampurnaning sabdanipun Allah, awit Gusti Allah badhe ngrimati lan ngrukti manah, pangangen-angen, pocapan kita. Mekaten ugi gesang kita kauwalaken saking dosa, kadadosaken gesang ingkang cunduk kaliyan kersanipun Allah. Mangga, sedaya pangangen-angening batos lan osiking manah sarta pikiran kita tansah cundhuk kaliyan sabdanipun Allah ingkang sampurna lan patitis saha tansah dadosaken keparenging karsanipun Allah. (SS).

Sabdaning Allahi iku sakti, suci, adi, aji, mumpuni, murakabi sarta nasabi samubarang.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak