Nresnani Mengsah Minangka Wujuding Tresna Dhumateng Gusti Pancaran Air Hidup 25 Oktober 2023

25 October 2023

Waosan: Daniel 6 : 1 – 28 | Pamuji: KPJ­­­­­­­­­­­­­­­­­­­­. 370 : 1 – 3
Nats: “… sedina ping telu anggone sujud jengkeng, ndedonga lan memuji marang Allahe, kaya dene adat kang ditindakake.” (Ayat 11b)

Ngupadi mujudaken karukunan lan katentreman ing satengahing pigesangan ingkang benten kaliyan sesami punika boten gampil. Asring kita sampun nindakaken  kasaenan, nanging taksih wonten kemawon tiyang ingkang mboten remen dhateng kita, karana meri. Malahan wonten tiyang ingkang nggangu tiyang sanes karana raos meri punika. Contonipun: bibaraken tiyang ingkang saweg ngabekti. Bilih ngadhepi tiyang ingkang kados mekaten, punapa ingkang badhe kita tindakaken?

Waosan kita nyariosaken Dhaniel minangka pribadi ingkang setya dhumateng Gusti. Piyambakipun nggadhahi padatan ngabekti dhumateng Gusti sadinten ping tiga. Punika dipun tindakaken mboten namung nalika nggadhahi wekdal lodhang, nanging ugi sinaosa saweg repot. Dhaniel dipun pitados dening Sang Prabu Dharius kangge mengkoni sadaya karajan. Malahan ngantos gantos raja ping 4, Dhaniel mboten dipun gantos kalenggahanipun. Kawontenan Dhaniel ingkang mekaten punika murugaken para priyagung lan para wakil raja meri piyambakipun. Tiyang-tiyang punika lajeng mengsahi lan mitenah Dhaniel. Tiyang-tiyang wau kewedan madosi kalepatanipun Dhaniel, awit piyambakipun punika tiyang sae. Pungkasanipun, kasetyanipun Dhaniel ngabekti dhumateng Gusti Allah punika ingkang dipun damel nggugat Dhaniel. Sinaosa kados mekaten, Dhaniel mboten ajrih. Piyambakipun tetep nedahaken kasetyanipun dhumateng Gusti Allah. Piyambakipun mboten nggadhahi raos serik, gething, sengit punapa malih ngantos males mengsahi dhateng para tiyang punika. Sadaya punika karana Dhaniel tansah ngener lan setya ngabekti dhumateng Gusti Allah. Anggenipun Dhaniel nresnani Gusti Allah punika mboten namung dipun wujudaken sarana ndedonga lan memuji Allah sedinten ping 3 kemawon, nanging ugi sarana katresnanipun dhateng tiyang-tiyang ingkang mengsahi piyambakipun.

Tumindakipun Dhaniel punika saged murugaken karukunan lan katentreman ing satengahing sesambetan kaliyan sesami ingkang benten punika. Pramila sumangga kita sami nuladha tumindakipun Dhaniel punika minangka bukti bilih kita nresnani Gusti Yesus. Awit Gusti Yesus sampun dhawuh: “padha tresnaa marang satrumu, padha becikana.” (Luk. 6:35). Nresnani mengsah punika minangka salah setunggalipun cara mujudaken gesang rukun lan tentrem kaliyan sesami. Amin. [nn].

“Nresnani satru, wujud saking nresnani Gusti ingkang estu lan saged dados margining gesang rukun saha tentrem rahayu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak