Aja Sesumbar Renungan Harian 25 Oktober 2019

25 October 2019

Waosan :  Yeremia 9 : 17 – 26  |   Pamuji : KPJ. 368
Nats:
… Wong kang wicaksana aja ngendel-endelke kawicaksanane, wong rosa aja mamerake karosane, wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane, …” (Yeremia 9:23)

“Samubarang iki yen ora karana aku, ora mungkin isa kalaksanan!” ature pak Sumbar nalika nedahaken salah satunggal kegiatan ingkang sampun kalampahan. “ahh… tenane pak …” wangsulane kang putra. “Lho tenan iki le … saiki kabeh aku seng nata, kabeh anggaran ya saka aku, yen dudu karana aku, terus karana sapa?” atur Pak Sumbar. Kang putra lajeng paring wangsulan kanthi nggujeng “hahahaha … apa dudu karana Gusti Pak, yen tumadakan ambegane bapak kapundhut, punapa bapak saged mranata kanthi makaten?” Nampeni wangsulan punika Pak Sumbar mboten saged mangsuli punapa malih, piyambakipun rumaos isin awit piyambakipun sampun sumbar lan ngegungaken kasagedanipun sacara pribadi.

Makaten ugi waosan Yer. 9:17-26 – wonten ing waosan punika kita saged mirsani bilih wonten kalih perkawis ingkang kababaraken. Sepisan, ing ayat 17-22 kacariyosaken bab kahanan Israel ingkang dhawah ing dosa karana manah penggalih Israel sampun katutup kaliyan pincuting goda. Gusti ngeparengake Israel kajajah dening bangsa sanes ingkang badhe nuwuhake kasangsaran ing satengah-tengahing bangsa Isarel. Kaping kalih,  ing ayat 23-26 wonten pitedah mliginipun kagem para manungsa ingkang sampun rumaos wicaksana, pinter, saha sugih ananging sedaya punika dipun ginakaken kagem leganing manah sacara pribadi lan kagem gesang ing salebeting dosa satemah para tiyang punika dhawah ugi wonten ing paukumaning Gusti.

Pramila kanthi saestu Yeremia ngemutaken supados Israel ingkang dhawah wonten ing dosa kalawau, enggal nilar sedaya tumindak kang mboten mranani ing penggalihing Gusti – Pangatag lumantar dhawuhipun Yeremia, supados Israel anggenipun ngegungake punika kanthi dasar Gusti Allah ingkang dados etuking kadarman, kaadilan, lan kabeneran – bab punika kang ndadosaken keparenge galihing Gusti.

Mangga sami mirsani lampahing gesang sacara pribadi, (1) punapa lampah gesang taksih asring lumampah ing dosa? (2) punapa lampah gesang taksih asring ngegungake pribadi? Menawi taksih wonten wangsulan “nggih” mangga enggal mranata tan saya andhap asor lan wicaksana. (gus)

 “Penggalihe wong andhap asor iku kang dadi rena galihing Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak