Waosan: 1 Tesalonika 5 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 192 : 1, 2
Nats: “Mulane kowe padha eling-ingelingna lan bangun-binanguna, kayadene kang pancen padha koklakoni iku.” (Ayat 11).
Saben tiyang mesthi “kadunungan lali lan luput.” Watak punika dipun gadhahi dening saben tiyang, dadosa sepuh, dadosa ugi ingkang anem, dadosa ingkang boten pinter, mekaten ugi ingkang pinter sanget. Kathah sanget prekawis ingkang gampil dipun “lalekake”. Malah ugi wonten ingkang “lali bojo”, anak utawi tiyang sepuh, sanes karana nate ngalami bilai utawi kacilakan, nanging karana kepencut dhateng tiyang sanes. Nadyan sampun janji ing ngarsanipun Gusti tansah nresnani semah kemawon saged “lali”, punapa malih dhateng prekawis sanes, mesthi gampil sanget kesupen. Kita asring sanget kesupen dhateng janji-janji kita.
Mekaten ugi kita gampil kesupen dhateng janji-janji kita dhumateng Gusti. Nalika kita “luwar tanggung” (Angkat Sidi), kita janji badhe setya ndherek Gusti. Nalika kita neningkahan, mbaptisaken anak, lan binerkahan dados Pendhita, Guru Injil, Pinisipuh, Diaken utawi sanesipun kita ugi janji dhumateng Gusti. Mangga dipun enget-enget! Punapa panjenengan enget sadaya janji panjenengan? Mbok menawi kathah ingkang sampun boten kita enget. Limrah kemawon menawi kita boten nindakaken punapa ingkang dados janji kita, karana kita sampun kesupen. Kamangka kita awis-awis janji dhumateng Gusti, nanging kita sampun kesupen. Punapa malih dhateng piwulang-piwulangipun Gusti ingkang sampun kathah sanget kita pirengaken utawi kita wartosaken, tamtu kita gampil sanget kesupen.
Pramila, dinten punika kita dipun tuturi supados kita “eling-ingelingna lan bangun-binanguna.” Pitutur “eling-ingelingna” punika boten gampil dipun tindakaken menawi ngukuhi raos rikuh utawi sungkan. “Ngelingaken” tiyang sanes badhe langkung gampil katindakaken menawi pikajeng kita tulus, boten wonten raos sengit utawi nesu, kanthi basa ingkang alus, kanthi pangaken karingkihan kita pribadi, sarta kanthi pangangkah murih karaharjaning sadayanipun. Nanging, menawi sampun mekaten, kita boten prelu kuwatos pameleh kita badhe nyinggung perasaanipun tiyang ingkang kita engetaken. Sumangga enget-ingengetaken kanthi tulus lan alus. Kanthi mekaten, brayat lan patunggilan sarta bebrayan kita saged binangun sae. Amin. [st]
“Piweleh iku berkahe Allah. Dumna lan tampanana kanthi rasa sokur!”