Waosan: 2 Korintus 5: 6 –15 | Pamuji: KPJ. 271 : 1 –3
Nats: “Lan Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong kabeh, supaya wong kang padha urip, uripe ora lumadi marang awake dhewe maneh, nanging lumadia marang kang wus seda lan kang wus kawungokake marga saka wong-wong mau.” (Ayat 15)
Ing jaman perang kamardikan taun 1945, kathah para pahlawan ingkang ngupaya kamardikanipun bangsa Indonesia kanthi toh nyawa. Prekawis punika saged kalampahan awit saking katresnanipun para pahlawan punika dhumateng bangsa lan negari Indonesia. Para pahlawan punika mboten namung mikiraken gesangipun piyambak ananging mikiraken kelajenganipun bangsa lan negari amrih saged bebas saking penjajahan bangsa Jepang kanthi ngorbanaken nyawanipun piyambak.
Rasul Paulus paring paseksi dhateng pasamuan ing Korinta, karana katresnanipun Sang Kristus dhateng manungsa, Panjenenganipun kersa ngorbanaken Sariranipun dumugi ing pati. Wonten ing ayat 14-15 dipun sebataken, “Sabab iya katresnane Sang Kristus kang mbereg marang aku kabeh …, Lan Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong kabeh, ...” Sarana pakaryan lan pangorbananipun Sang Kristus, para tiyang pitados pinaringan gesang lan kawilujengan. Sedaya punika katindakaken Sang Kristus supados para tiyang pitados ngraosaken sih katresnanipun Sang Kristus salebeting gesangipun. Ing selajengipun, para tiyang pitados punika saged nresnani dhateng sesaminipun lan leladi dhateng Gusti. Anggenipun Rasul Paulus paring paseksi punika supados warga pasamuwan Korintus saged nuladha Sang Kristus. Lumantar pakaryanipun Sang Kristus punika, sinten kemawon ingkang netepi gesang ing Sang Kristus, piyambakipun dados titah enggal (Ay. 17). Artosipun wonten peribahan gesang, saking tiyang ingkang egois dados tiyang ingkang peduli lan kebak katresnan dhateng Gusti lan sesami.
Ing minggu pra Paskah punika, seratipun Rasul Paulus punika ngemutaken kita, iba ageng katresnanipun Gusti Yesus dhateng kita. Kados pundi respon kita? Mangga kita ugi tansah nresnani Gusti Yesus, ingkang kita wujudaken srana nresnani sesami kita. Bilih Gusti Yesus sampun toh nyawa kangge kita, mangga kita netepi kasetyan kita dhumateng Gusti. Kita sami ngupaya kasaenan, katresnan, lan kawilujengan ing gesang padintenan. Kita ugi masrahaken sawetah gesang kita ing astanipun Gusti Yesus, kanthi dasar kapitadosan bilih Gusti Yesus punika Juru Wilujeng kita. Amin. [NAW].
“Toh nyawa kang njalari umate nampani urip langgeng”