Ndherek Gusti Ora Rugi! Pancaran Air Hidup 25 Juli 2026

25 July 2026

Waosan: Jabur 119 : 129 – 136  |  Pamuji: KPJ. 326
Nats: “Cahyanipun wedana Paduka mugi nyunarana abdi Paduka, sarta kawula mugi Paduka wulang bab pranatan-pranatan Paduka.(Ayat 135)

Nalika taksih alit, kita dipun gulawentah tiyang sepuh kita wonten ing brayat. Kita dipun wucal bab kabecikan, sae punika ing pirembagan, tumindak, ugi tata krama. Tamtu ing salebeting panggulawentah punika wonten pangajeng – ajeng saking tiyang sepuh supados kita saged tuwuh dados tiyang diwasa lan migunani kangge sesami. Punika nedahaken bilih brayat minangka unit terkecil ing masyarakat dados papan kapisan anggen kita nampi piwucal bab kabecikan salebeting gesang. Kita saged tepang kaliyan Gusti Allah ugi awit saking panggulawentah tiyang sepuh bab iman Kristen dhateng kita.

Kados dene Juru Masmur ing waosan kita samangke, ingkang nyariosaken bingahing manah saben tiyang ingkang manut lan netepi angger-anggeripun Gusti. Juru Masmur punika paring pitedah sok sinten kemawon tiyang ingkang mbikak manahipun lan purun dipun tuntun dening Gusti, piyambakipun badhe nampi kawilujengan saha kabingahan. Mila Juru Masmur nyeyuwun dhumateng Gusti supados Gusti Allah tansah nuntun lan nggulawentah dhateng piyambakipun. Piyambakipun nyuwun supados Gusti Allah tansah mucal bab pranatan-Ipun tumrap gesangipun.

Maligi ing wulan brayat punika, kita kaajak supados nuwuhaken brayat ingkang mbangun turut dhumateng sadaya pranatanipun Gusti Allah. Punika, kita tindakaken mboten namung supados kita dipun anggep dados tiyang ingkang mursid utawi ketawis suci, nanging sadaya punika kita tindakaken supados ingkang kelampahan ing gesang kita punika namung miturut pranatan lan karsanipun Gusti. Kita ugi nggadhah pangajeng-ajeng nampi kabingahan ing gesang kita, kados dene Juru Masmur ingkang gesangipun dipun tuntun dening Gusti. Mangga sadaya punika kita tindakaken kanthi tulusing manah supados brayat kita saged tuwuh lan ngrembaka dados brayat ingkang kebak katentreman. Dados brayat ingkang dipun kanthi lan reksa dening Gusti, satemah gesang kita lan brayat kita manggihi tentrem raharja. Amin. [DW].

“Ndherek Gusti ora rugi, nyatane ndherek Gusti saya ayem atine. Mulane payo padha ndherek Gusti!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak