Waosan: Yokanan 6 : 1 – 21 | Pujian: KPJ 101 : 1-3
Nats: “Unjuke Filipus: “Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang semanten kathahipun punika, senadyan namung sami kabagean nyakedhik.” (Ayat 7).
Wonten lelanggon Jawi ingkang asring kita mirengaken malah bokmenawi kita ugi asring nglagokaken, syairipun antawisipun mekaten :
Ja pada nelangsa, zamane zaman rekasa; urip pancen angel, kudune ra usah ngome
Ati kudu tentrem, nyambut gawe karo seneng, ulat aja peteng,
nek dikongkon ya sing temen
Lha apa tha konca, ati kerep lara, ra gelem rekasa, mbudidaya
Pancen kabeh padha pengin urip mulya, wiwitan rekasa, pancen nyata
Lelanggon punika menawi kacundhukaken kaliyan kawontenan samangke sajakipun wonten leresipun. Lajeng kados pundi kedahipun kula lan panjenengan sami aben ajeng kaliyan kasunyatan ingkang mekaten punika?
Kacariyosaken ing waosan kita, nalika Gusti Yesus mirsani tiyang kathah, trenyuh sanget penggalihipun amargi saking welasipun. Tiyang kathah punika ketinggal kados wedus tanpa pangon. Gusti Yesus lajeng makarya paring piwucal bab Kratonipun Allah, paring pitulungan srana nyarasaken tiyang-tiyang ingkang sakit, lan nindakaken mujijat paring tedhan dhateng gangsal ewu tiyang. Nalika semanten para sekabat sami mangu-mangu (7-9), Gusti Yesus lajeng dawuh (10), lan para sakabat pitados dhateng Gusti Yesus, ngestokaken sarta nindhakaken dawuhipun Gusti. Selajengipun Gusti nindakaken mujijat (11), tiyang gangsal ewu sami dahar, lan taksih tirah 12 wakul (13).
Kawontenan kita saged ugi kadosdene tiyang kathah ing waosan punika, sami kekirangan tedhan, rumaos ewet ngupados sandhang pangan, ngantos kita rumaos gesang kita kadosdene para sekabat ingkang nembe lelayaran ing seganten, lajeng katempuh ing ombak ingkang ngedab-edabi, amargi katempuh ing angin ingkang ageng (18). Senadyan mekaten kita kedah pitados bilih Gusti boten nate negakaken kita, Gusti ugi trenyuh ing galih mirsani kawontenaning gesang kita. Gusti mesthi rawuh, ngandika: “Iki Aku, aja wedi” (20), sarta makarya nindakaken mujijat, satemah gesang kita kaluberan. Baitaning gesang kita mesthi tumuju dhateng ‘Kratoning Swarga/ gesang langgeng’. Zamane zaman rekasa, urip pancen angel, nanging ora usah nelangsa, ora perlu ngomel, ulat aja peteng, ati kudu tentrem, ora usah digawe lara, mula aja mangu-mangu, kumandela. (SS).
“Kapracayanmu kang mitulungi kowe.”