Serik Renungan Harian 25 Januari 2019

25 January 2019

Waosan : Nehemia 2 : 1 – 10 | Pamuji : KPJ 115
Nats: “Bareng Sanbalat, wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi, padha krungu bab iku, temah banget anyele atine, amarga ana wong teka kang arep gawe raharjane wong Israel” [ayat 10]

Manah panjenengan punapa nate serik? Saben tiyang punika sejatosipun saged nggadahi raos serik. Punapa malih menawi tiyang punika gesang sesarengan wonten ing masyarakat utawi wonten ing pasamuwan. Raos serik punika kalampahan amargi wonten kasunyatan ingkang jelas benten. Kepentingan, drajad,
kasugihan, status, kesadaran, kaprigelan, kapinteran, berkah,upaya pambudidaya, lsp ingkang dipun gadhahi tiyang setunggal lan lintunipun punika benten. Punika ingkang ndadosaken manah punika ngraosaken serik. Senajan mekaten, raos serik punika sejatosipun pilihan. Prayoginipun mboten dipun piji.

Gubernur Sanbalat ingkang mengku jabatan wonten Bet Horon, sak kilenipun Yerusalem, nalika jaman paprentahane Parbu Artahasta ngraosaken manahipun kacel nalika mangertosi bilih Nehemia punika dipun utus prabu Artahasta dateng Yerusalem kagem mbangun kutha lan tembok Yerusalem ingkang dipun panggeni nenek moyangipun Nehemia, tiyang Israel (ay.10). Punapa malih, Nehemia punika namung sang juru anggur, dipun iring kaliyan panggedhe perang lan diparingi kuwasa kaliyan prabu Artahasta manggihi para bupati wonten sakiwa tengenipun bengawan Efrat (ay.9). Raos kacelipun Sanbalat punika nyatanipun wonten sebabipun, amargi piyambakipun kepingin nguwasani tanah Yudea (Yos 10:10). Ananging, Nehemia nggadahi iman ingkang kiyat dhumateng Gusti Allah. Nehemia mboten perduli dipunseriki lajeng tetep fokus anggenipun mbangun kutha nenek moyangipun Yerusalem.

Sinau saking cariyosipun Nehemia, kita kedah tansah pitados bilih Gusti Allah tansah paring kekiyatan lan panganthi dhumateng sinten kemawon ingkang tansah nindakaken Karsanipun. Sanajan ta kathah tiyang ingkang mboten remen, kathah tiyang ingkang sumelang lan kathah tiyang ingkang serik manahipun. Pun ngantos kendho lan nglokro anggen kita dados marginipun pakaryanipun Gusti wonten sakiwa tengen pigesangan kita. Amin [BK]

“ Ati kang resik, nggatekake perkara-perkara kang becik”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak