Waosan : Yokanan 10 : 11 – 18 | Pamuji : KPJ. 450
Nats: “Aku isih duwe wedhus liyane maneh, kang ora saka ing kandhang kene, …” (Ayat 16)
“Sarehning juru sabda menika saking tanah Jawi Wetan, dados tiyang Kristen, mila rumaos tunggil darah kaliyan tiyang Bali lan ngajak sadherekan. Sareng dipun terangaken makaten, tiyang Bali sumlondhohipun sangsaya sanget lan ugi purun nampeni dipun criyosi bab agami Kristen, awit nunggil pamili lan rumaos dados sadherek lan nunggil darah”
(Kapethik saking buku Pergumulan Eklesiologi dan misiologi Greja Kristen Jawi Wetan, MA GKJW Malang 2001, kaca 131)
Menika perangan seratan Notula Sidang Majelis Agung kaping tiga ing Swaru taun 1932. Saged karaosaken kados pundi agenging tekad ambagi kabar rahayu dhateng sadherek ing Bali, sanadyanta GKJW nembe kemawon madeg ing taun 1931. Wonten ing GKJW nyata sampun tuwuh pamanggih bilih kabar rahayunipun Gusti Yesus boten angsal karaosaken ing satunggal tlatah utawi papan tartamtu kemawon. Kedahipun sumrambah dhateng panggenan ingkang sangsaya wiyar.
Pamanggih kados makaten sejatosipun ugi tuwuh saking waosan kita. Langkung malih, kita nembe mahargya dinten Paskah ingkang ngajak kita sangsaya tepang kaliyan pakaryanipun Gusti Yesus. Kalebet nuladha Gusti Yesus ingkang sedya paring karahayon lan karsa ngrengkuh dhateng manungsa sakjawinipun bangsa Yahudi supados ngraosaken karahayoning gesang. Piwucalipun, kabar rahayu boten namung mligi kangge sadengah tiyang, nanging kangge sadaya titah. Dinten sakmenika, ing manah kita kedah tansah tuwuh pamanggih bilih taksih wiyar panggenan kangge nuwuhaken lan betahaken raos rahayu. Kita sinau kados pundi Gusti Yesus tansah pirsa papan panggenan lan kabetahan tiyang ingkang ngupadi kabar rahayu ngener dhateng kabingahan.
Sakmenika, tuladha adi sampun dipun lampahi dening para sepuh GKJW. Sanadyan tebih lan dereng wonten kemajengan jaman kados ing sakmangke nanging setya ing timbalan. Ingkang dipun gadhahi, tekad lan semangat ingkang ageng. Lan saksampun pirsa papan lan tiyang ingkang betahaken rahayu, lajeng bidhal. Boten namung kandheg ing zona nyaman kemawon. Nanging purun nuwuhaken inovasi kangge ambagi rahayu. Mangga jumangkah ambagi kabar rahayu. Perangan papan ing njawi kita kathah ingkang betah kabingahan. Mangga jumangkah lan kita tamtu wantun jumangkah sangsaya wiyar. (WdK)
“Panggayuh lan panjangka ing leladi ingkang sangsaya wiyar.”