Aja Salah Dalan! Pancaran Air Hidup 25 Agustus 2025

25 August 2025

Waosan: Yehezkiel 20 : 1 – 17  |  Pamuji: KPJ. 438
Nats: “Nanging turune Israel ana ing ara-ara samun padha mbalela marang Ingsun; lakune padha ora manut ing katetepaningSun sarta padha nampik marang pranataningSun, mangka wong kang nindakake bakal urip.” (Ayat 13a)

Gesang punika asring mbeta kita tumuju ing persimpangan margi lan kita kapurih nemtokaken margi pundi ingkang badhe kita lampahi. Wonten margi ingkang ketawis gampil, ngremenaken, lan saturut kaliyan pepinginan kita, nanging nebihaken kita saking kersanipun Gusti lan mbeta kita tumuju wonten ing karisakan. Lan ugi wonten margi sanes ingkang saged dipun wastani ewed, awrat, lan mbetahaken pangorbanan, nanging sedaya punika mbeta kita celak kaliyan Gusti lan mbeta kita tumuju wonten ing pigesangan ingkang sae. Margi pundi ingkang kita pilih?

Waosan ing wekdal punika nyariosaken lelampahaning bangsa Israel, minangka bangsa ingkang kapiji dening Gusti. Gusti Allah ngersakaken supados bangsa Israel ngraosaken gesang ingkang sae, mila Gusti maringi angger-angger tumrap bangsa Israel. Mboten saged dipun selaki bilih angger-angger punika ketawis ewed lan ndadosaken gesangipun bangsa Israel mboten bebas, ananging sedaya punika nuntun bangsa Israel tumuju wonten ing kasaenan. Ing kawontenan mekaten bangsa Israel malah milih marginipun piyambak lan mboten netepi angger-anggeripun Gusti Allah. Bangsa Israel mboten setya dhumateng Gusti, malah nyembah brahala lan nguja hawa nafsu. Bangsa Israel langkung milih margi ingkang ketawis gampil lan enteng, nanging mboten sadar bilih sedaya punika ndadosaken sesambetanipun kaliyan Gusti Allah tansaya tebih.

Ing jaman sakmangke, kita asring kagodha milih margi ingkang gampil, ngremenaken lan saturut pepinginan kita. Nalika sensitivitas kita tumrap swantenipun Gusti Allah ical, punika saged ndadosaken kita kelu wonten ing ombyaking ndonya, ingkang nutupi manah kita tumrap sedaya karsaning Gusti. Mila kita kedah mbangun sikep kristis lan apresiatif. Kritis tegesipun kita kedah nggalih lan milah-milah pundi ingkang bener lan saturut kalian karsanipun Gusti, ugi pundi ingkang saged ngrusak sesambetan kita kaliyan Gusti. Sikep apresiatif inggih punika kita tansah mirsani kasaenan Gusti ing satengahing gesang kita. Ing salebeting pekewed, reribed, lan panandhang ingkang kita adepi, tamtu wonten bukti ingkang nyata kados pundi Gusti nganthi kita. Nalika kita ngajeni pakaryanipun Gusti, tamtu manah kita tansaya sensitif tumrap karsanipun Gusti. Amin. [YHS].

“Urip iku bebarengan karo wektu, sing bisa gawa lakumu, slamet uripmu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak