Waosan : Lukas 2 : 8 – 20 | Pamuji : KPJ 240
Nats: “Bareng weruh bayi kuwi, para pangon nuli padha nyritakaké apa sing dingandikakaké déning malaékat bab Sang Bayi mau.” [ayat 17]
Kathah tiyang Kristen ingkang ngaken lan cariyos bilih anggenipun ndherek Gusti Yesus karana dipun rawuhi dening Gusti Yesus, pinanggih aben ajeng kaliyan Gusti Yesus sacara lair. Nanging umumipun tiyang Kristen boten nate pinanggih kaliyan Gusti Yesus sacara lair. Umumipun nggih karana dados putra utawi tedhak turunipun tiyang Kristen, utawi karana nyinau bab wujud gesangipun tiyang Kristen, utawi nyinau bab piwulanging Kitab Suci Kristen.
Waosan kita dinten menika nyariyosaken para pangen ingkang manggihi Gusti Yesus. Para pangen menika dipun paringi kabar kabingahan dening para malaekat bab wiyosipun Gusti Yesus Kristus Sang Juru Wilujeng. Ingkang ngrawuhi utawi manggihi para pangen menika sanes Gusti Yesus piyambak, nanging para malaekat utusanipun Allah. Sasampunipun nampeni kabar kabingahan, para pangen menika mbudidaya sowan manggihi Gusti Yesus. Wonten pambudidaya (usaha) ingkang dipun tindakaken dening para pangen menika temah saged pinanggih kaliyan Gusti Yesus. Para pangen menika nilaraken mendanipun ing ara-ara, lumampah tumuju dhateng Betlehem. Sareng pinanggih kaliyan Gusti Yesus para pangen menika tumunten nyariyosaken kabar kabingahan menika dhateng tiyang-tiyang sanes. Wusananipun kacariyosaken para pangen menika kanthi bingah wangsul malih dhateng ing papan tanggel jawabipun kanthi memuji Allah.
Mbokmenawi panjenengan ugi dereng pinanggih aben ajeng kaliyan Gusti Yesus sacara lair. Ewasamanten, sejatosipun kita saged pinanggih kaliyan Gusti Yesus sacara batin. Pepanggihan sacara batin kaliyan Gusti Yesus ugi mesthi badhe nuwuhaken ayem tentreming manah lan kabingahan ageng. Kados dene para pangen ing cariyos menika, pepanggihan kaliyan Gusti Yesus sacara batin menika kedah kita budidaya, kita upayakaken. Caranipun, saben-saben ngibadah utawi ndedonga kita kedah ngener (fokus) dhumateng Gusti Yesus, mboten menggalih bab sanes. Sadhengah prekawis ingkang kelampahan kita penggalih gegayutan kaliyan pakaryan, panguwaos, katresnan lan karsanipun Gusti. Ing ngriku kita pinanggih kaliyan Gusti Yesus ing salebeting batos. [st]
“Sapa sing rumangsa wis pinanggih Gusti mesthi ayem lan bungah uripe.”